Jumat, 30 November 2012

SING ILANG BAKAL DAKGOLEKI

Minggu-minggu iki, Yesus (Y) digawe bingung awit kanca-kancane sing diantu-antu teka, ora rawuh-rawuh: si Paijo sabala-balane, dik Vero sagerombolane; uga liya-liyane sing mbiyen aktip, saiki koq diundang, ra rawuh. Yesus bingung amarga le nunggu wis suwiii banget. Ndilalah, mas Paul (MP) ngetokke “irunge”.
Y     : Woiiiii….kang! mrenea. Aku dewean ki!
MP  : Ana apa, Yes! Koq undang-undang aku? Biasane khan karo bocah-bocah akeh.
Y     : Wah, lha mbuh ki, tumben-tumbenan ae, ra da nongol, je! Lha aku ki kangen je kumpul karo bocah-bocah, guyonan bareng, sembahyang bareng, dolan bareng. Dak goleki nang ndi-ndi, ra ana!
MP  : Lha koq anehmen, Yes! Khan kene ki uakiiih banget to brayat sing duwe bocah cilik, rada gedhe, lan sing wis gedhe!
Y     : Mangkane kuwi, kang! Padala aku wes mara nangdi-ndi: aku teka nang misa lingkungan, yo ra ana; aku teka nang sembahyangan, yo ora nana; aku nekani kor, yo blas siji-sijia, ora ana.
MP  : Blaiiiiikkk..!! nu, Yes! Lha padha nangdi?? Wooo….aja-aja da nongkrong nang pinggir lapangan kana kae? Utawa coba goleki nggon sing sepi-sepi, sing biasane nggo pacaran. Mbok menawa ana ing kono!
Y     : Wahh….aku yo isin nu, kang! Mosok aku nginjen wong pacaran! Mengko malah ra digagas, nu aku!!
MP  : Apa mara nang ngomah-omah wae! Coba, mbokmenawa amarga udan, njur ora da mrene!
Y     : Apa iya-ya! Yo dakcobane!
[Yesus langsung cengkelak, nggenjot onthele mara nang omah-omah. Saperangan pancen padha nang ngomah: ana sing sinau, ana sing nonton film korea, ana sing nonton tipi, ana sing Rosario st.nokia; saperangan maneh durung ditemokke. Yesus banjur bali maneh, amarga dikulanuwuni, ora dibukake lawang. Padha asiikkk dhewe-dhewe.]
MP  : Piye, Yes?
Y     : Wah-wah, bahaya ki..lha meh kabeh wis duwe keasikkan dhewe-dhewe je. Ketoke wis da lali yen dakundang mrene.
MP  : Wah…piye ya nek ngono kuwi. Aja-aja, njenengan wis ora payu, Yes! Apa sing meh njenengan wenehke wes jadul, ora njamani, ora gaul maneh gitu kanggo wong-wong jaman saiki.
Y     : Wedeww…..!!! aku kalah karo jaman yo berarti? Padhala, jare wong mbiyen, aku ki terkenal dari rajaning raja, ngrajani sakabehe je. Lha koq isa mangkono!!
MP  : capeeekkk…dehh!!!
-----------------------
[nganti tekan dina iki, tulisane mas Paul  diwaca karo Pandhe Piter lan liya-liyane, wong-wong sing diantu-antu Yesus ora teka-teka. Yesus tetep dhewekan. Mung keprungu swara jangkrik sing padha bungah amarga wayahe ngunduri sore. Yesus mandeng dalan, sajak ngarep-arep banget ana bocah sing mara. Pranyata, akeh sing pating sliwer, ananging ora marani Yesus. Njur sapa/apa sing diparani??]

Kamis, 29 November 2012

YESUS KRISTUS NATA AGUNG

“Nata Agung, manggran ing bawana…..” keprungu saka kadohan swara wong-wong padha ngidungake “Nata Agung”. Pakdhe Pitter (PP) karo Mas Paul (MP) kanthi setiti ngrungokake anggone padha latihan kor.
MP  :  Pakdhe, kekidungan “Nata Agung” kuwi jiaan elok ya, apa maneh yen dikidungke kanthi temenanan, kang ngungkapake iman sing jero lan mantep.
PP   :  Lha koq isa, mas?
MP  :  Lha kidung kuwi khan mratelakake kepriye anggone awake dhewe ngakoni lan pracaya marang Sang Kristus, Nata Agung, ta?
PP   :  Iya ya….Gusti Yesus kuwi Nata Agung, kuwi ateges, Gusti Yesus kuwi, Nata, nata samubarang kabeh sing ana ing donya lan ing swarga, to mas artine?
MP  :  Betuuul sekali, pakdhe. kanthi tembung liya ateges, wong sing ngakoni Sang Kristus kuwi nata agung, ya uripe mesti tinata gitu.
PP   :  Lha masalahe, urip sing tinata kuwi kepriye, mas?
MP  :  Ya intine, urip sacara Sang Kristus, Sang Tinata saengga kapitados Allah dados Nataning alam sawegung gitu.
PP   :  Weh, gampangane priye kuwi, aku gak mudeng, mas!
MP  :  Ya urip tinata ki bisa didelok saben dina, sajroning patlikur jam ki uripe awake dewe tinata ora? Isa nata wektu, nata solah tingkah, nata pikiran, nata ati, nata samubarang sing dipitadosake Gusti marang awake dhewe, ya nata brayat, nata umat lingkungan/wilayah bareng-bareng.
PP   :  Wah mosok ya ngunu, mas? Ya gak mardika nu uripe awake dhewe yen kabeh-kabeh sarwa tinata? Mosok urip ki kudu ngene, utawa ngono. Ra uleh sakarepe wudele dhewe nu, mas??
MP  :  Lha njenengan arep nyawang karahayon ora, pakdhe? nek pengin ya kudu tinata lan nata urip kanthi tenanan.
PP   :  Piye carane, mas?
MP  :  Carane ya kaya sing diwartakake yohanes dina iki nu: sing njeglong-njeglong, diurug, sing nggunung-nggunung dikepras, sing menggak-menggok, dilempengke, sing mendak mendukul diratakake. Kuwi khan ateses ke-amburadul-an kudu ditata supaya kabeh wong bisa nyawang karahayon.
PP   :  wooo…mudenga aku, berarti urip sing ora tata, ora bakal nyawang karahayon, yo mas?
MP  :  tepaaat sekali, pakdhe? mulane mangsa adven dadi wiwitan kanggo awake dhewe urip tinata supaya bisa pantes nampi Sang Nata.
PP        :           kudu wani mapras, wani ngurug, wani nglempengke, wani ngratakake!

GOLEK DALAN PADHANG

Pakdhe Pitter (PP) karo Mas Paul (MP) ngrasakake yen donyane saiki wis sangsaya ninggalake Gusti. Akeh wong mung padha mburu piyandele dhewe-dhewe, ora eling marang piyandel sing sejati, yakuwi Sang Kristus.
MP  :  Pakdhe, wingi aku dolan nang salah siji umat sing ora katulik, arep nyembahyangake bapak-bapak sing uwis suwe lara, ngleleh ora bisa ngapa-ngapa.
PP   :  Weh..elok, mas! Lha koq kenal, kowe?
MP  :  Lha aku kewahyon liwat sms, kang nyuwun supaya bapake disembahyangake.
PP   :  Lha banjur kepriye?
MP  :  Ya aku mrana, menyang omahe, pranyata ra ana sing katulik, blass!
PP   :  Njur? Wedi nu, ra ana sing katulik?
MP  :  Wedi kepriya, ora yaaa? Nek sih da dene doyan sega ki, ya rasah diwedeni. Sing diwedeni kuwi kudune Jeng Pati, ra ana sing kuwat nglawan gitu.
PP   :  Jeng Pati? Sapa maneh kuwi?
MP  :  Halah…mosok ra mudenga, kuwi loh piyayi putri sing ayu tur alus, nanging yen wis titimangsane bakal nyabut nyawane dhewe. Hehe.
PP   :  ooalah…njur kepriye mas, sabanjure?
MP  :  Ya aku njur matur yen sowan pengin nyembahyangake bapak sacara katulik gitu.
PP   :  Njur? Uleh ora?
MP  :  Ya intine, sisihane bapak ngeparengake, banjur crita yen Bapak kuwi nate ngendika yen dalane sing diambah koq peteng, kaya nyang tengah alas, mlaku mrana nabrak gunung, mlaku mrene uga, gragap-gragap ora weruh dalan.
PP   :  Wee..lha koq isa, mas? Jalarane apa?
MP  :  aku dhewe ya ra ngerti, mungkin amarga ora nduweni Sang Pepadhang sing dicekel terus-terusan ana uripe, saengga dalane dadi peteng.
PP   :  Walah…njur disembahyangke, mas?
MP  :  Ya aku banjur mlebu kamare bapak, arep nyembahyangake. Ternyata oh ternyata, pakdhe….ana ing kamare, uakeeh banget wesi aji wujud keris, tombak, pring kuning, patung-patung cilik lan liya-liyane sak lemari gedhe…saka ambune lan swasanane wis cetha sapa sing nguwasani kamar kuwi..
PP   :  Wedi ora, mas?
MP  :  ya biasa ae gitu, ora kaget koq.
PP   :  Berarti le peteng kuwi, apa amarga wesi-wesi aji sing disimpen ana ing kamar kuwi ya mas?
MP  :  Aku dhewe ya ra ngerti, pakdhe? sing baku, yen ana mengkono kuwi, masalahe, awake dhewe nembah Gusti, Sang Pepadhang, apa nembah brahala gitu.
PP   :  wah..wah, padala jaman saiki, kaya-kayane wis akeh wong padha nyembah brahala loh mas: duwit, gawean, internet, hape, tivi, lan liya-liyane sing dinomorsijekake.
MP       :           Iya ya pakdhe, yen uripe awake dhewe ora “menomorsatukan” Gusti Yesus, berarti awake dhewe kuwi mesti nembah brahala marang liyane. Yen ngunu kuwi, sejatine, uripe awake dhewe ana ing pepeteng. Lan mbesuk yen mati, awake dhewe ora ngerti menyang ngendi dalan sing bakal diparani.

NATANING ALAM SAWEGUNG

Miwiti sasi Suro, pakdhe Pitter (PP) ora lali anggone mijekake sasi iki kanggo njamasi kerise, padha karo masarakat liya liyane sing nganggep sasi suro dadi sasi wingit, ananging uga dadi sasi kanggo ngalap berkah. Mas Paul (MP) bae nglegakake menyang solo pas malem suro, mbokmenawa bisa antuk tlethong e Bule turunane kyai slamet.
MP  :  Berkah Dalem pakdhe! piye dek malem sura tindak solo mboten?
PP   :  Lha yo mesti bae nu mas. Wong ya setaun mung pisan thok koq. Banjur esuke aku njamasi keris warisane mbah buyut.
MP  :  Weee duwe keris barang to, pakdhe? mbok aku njaluk?
PP   :  Wee…ora sembarangan mas nduweni keris kuwi, kudu wani prihatin, yen ora kuwat malah dadi piala.
MP  :  Badalah, lha emange ngapa, pakdhe? Apa keris kuwi isa malati?
PP   :  Lha ya khan ana aturan maine, yen ora bisa kanthi setya tindakake bisa malah dadi memala: bisa marai lara, ora begja lan sapiturute.
MP  :  Waduw….ya ngeri nu pakdhe, nduweni keris kuwi.
PP   :  Mulane kuwi, mas! Saben Jemuwah Kliwon kudu dipakani, saben sura dijamasi we ya ora mung dikumbah nggo banyu, ananing ya ana tata upacarane gitu.
MP  :  Walaah….koq ya susah nu pakdhe? lha nek njur da kungkum nang mbelik, utawa gawe sajen nggo watu gedhe, wit gedhe, tempuran, lan liya-liyane kae, apa ya termasuk lakune duwe keris, pakdhe?
PP   :  Ya nek kuwi bisa iya, bisa uga ora, ning sing baku papan-papan ngunu kuwi biasane dipracaya yen ana sing tunggu, banjur da sowan, nyenyuwun supaya pandongane dikabulake.
MP  :  Walah…..njur sapa sing tunggu pakdhe?
PP   :  hehehe….ya macem-macem mas!
MP  :  Wah…wah…ya elok tenan ya, pakdhe! bisa-bisane pengaruhe nganti bisa agawe wong tumindak ngunu ya, tanpa dipeksa, tanpa diprentah, gelem kungkum sewengi natas, gelem golek sarat-sarat sing ora gampang kanggo sajen, makani keris lan njamasi ora tau lali, supaya bisa slamet.
PP   :  elok banget mas! Coba saiki dibayangke, yen Gusti Yesus, Nataning Alam Sawegung ki le da bekti nganti ngono kuwi.
MP  :  Hehehe…..khan Gusti Yesus durung dadi Nataning alam sawegung, pakdhe? lha wong keris bae durung dikuwasani Gusti Yesus, papan-papan wingit kae ya durung koq. Piye jal?
PP        :           hmmm…..maksude apa mas kuwi?