Sabtu, 24 Oktober 2009

BLENCONG: MAKNA DAN ARTINYA BAGI KEHIDUPAN

Mêthík såkå puståkå Sastrå Gêndhíng anggitané Sultan Agúng tinêmu andaran:
1. upamané kahanané ringgít,
baléncóngé amêngku ing wayang,
wayang amêngku dhalangé,
dhalang kêlír winêngku,
baléncóngé amúng madhangi,
kêlír kang dadyå lésan déné kang lumaku,
múng dhalang kalingan wayang,
apan gênti puniku tari-tinari,
wayang manút ing dhalang.
2. dhalangira yêkti manút ringgít,
lamún ora mangkånå lakunya,
nora dadi pamayangé,
dhalang umpêtan iku,
nèng ngisoré baléncóng kaki,
ki wayang tan uningå,
ing pangrasanipún,
angråså púrbå pribadyå,
mångkå nyåtå mobah mosikíng kang ngringgít,
krånå karyaníng dhalang.
3. dhalang bléncóng manjíng jroníng kêlír,
tunggal sanggón kalawan kang mayang,
anangíng séjé prênahé,
si wayang datan wêrúh,
dhalang bléncóng nèng jroníng kêlír,
gêpókan lan si wayang,
kang ngobahakên iku,
satingkah polahíng wayang,
dhalangira ngiras mindhå-mindhå ringgít,
tunggal råså myang karså.

”Mêthík såkå andaran Sastrå Gêndhíng ndhuwúr, ånå limang babagan wigati síng pêrlu dijingglêngi:
- Bléncóng,
- Dhalang,
- Kêlír,
- Gêdêbóg,
- Wayang.
Ånå ing pêwayangan Bléncóng dadi piranti síng wigati.
Sawisé Ki Dhalang nyumêt Bléncóng kêlír dadi padhang wayang simpingan katón cêthå, têmåtå apík, urút runtút.
Kabèh ubå rampé pagêlaran wayang cêtha-ngéglå-wélå wélå kênå sórótíng Bléncóng.
Ånå ing jagad pêwayangan Bléncóng dadi têngårå utåwå lambang såkå “ora ånå dadi ånå”, saka kahanan “pêtêng dadi padhang”.
Sawijiníng tåndhå púrwaníng dumadi.
Bléncóng dadi sumbêríng pêpadhang síng madhangi pagêlaran wayang. Mêthík såkå buku Filsafat Kêjawan tulisané RM Soenandar Hadikoesoemo, Bléncóng-Kêlír-Gêdêbóg-Dhalang-Wayang duwèni arti filosofis.
Posisi Bléncóng ånå têngah dadi pancêr-punjêring Kêlír sing wujudé pêsêgi, nglambangaké kéblat papat (wétan, kulón, lór, kidúl) lima têngah.
Wulangan Jåwå ånå sêbutan utåwå têmbúng “sêdulúr papat limå pancêr”.
Kêlír lan Gêdêbóg minangka lambang ananíng alam-jagad-rat.
Sadurungé Bléncóng disumêd Dhalang, kahanan alam isíh pêtêng, kahanan isíh suwúng.
Wulangan Jåwå nyêbút ånå ing alam suwúng “awang-awang-uwúng-uwúng”.
Bléncóng dadi lambang sumbêríng pêpadhang síng madhangi jagad.
Bléncóng, Dhalang lan Wayang (Ringgít) dadi piranti wigati ånå ing pagêlaran.
Kasêbút ånå ing kakawín Arjuna Wiwaha:
“Hananonton ringgit manangis asekel mudha hidhepan, huwos wruh towin yan walulang inukir molah angucap, hatur ning wang tresneng wisaya malaha tar wihikanan, ri tatwanyan maya sahana-hana ning bawa siluman”.
Ånå wóng nóntón wayang nangís sêdhih, ruwêt pikirané lan ngêrti mênåwå iku kulít diukír, obah, muni, kandhané wóng lagi kêpéngín ngêrti wósíng uríp, pranyåtå ora ngêrti, mênåwå sêjatiné iku måyå, kabèh iku gaib anané.
Têmbúng Dhalang tinêmu ing kakawin lan crita Nawaruci; têmbúng Kêlír tinêmu ing kakawin Arjuna Wiwaha, Hariwangsa, Bhomantaka lan Partayadnya:
“hanan kadi wayang katon kineliran puti-putih adamar trang ing rawi”.
Ånå síng kåyå wayang, katón anané layar putíh lan ånå damar sinaring súryå.
Awêwatón andaran iku, Bléncóng iku kåyå pêpindhané srêngéngé (súryå, radityå) singmadhangi jagad.
Wayang ånå ing pakêliran nglambangaké jagadíng manungsa síng nduwèni watak síng ringkêsé ånå loro, watak apík lan watak ålå.
Simpingan wayang síng ånå têngên (racaké) duwé watak apík, simpingan wayang síng ånå kiwa akèh duwèni watak ålå.
Mula ånå têtêmbungan laku ngiwå iku ålå, laku nêngên iku utåmå.
Obah, uni lan lakón wayang déníng parågå Dhalang diiringi karo tabúh-tabuhan rupå gamêlan.
Ånå ing kakawín Sumanasantaka disêbut :
“para ratu saha gendhing gong rajah tabeh-tabehan”.
Pårå ratu sinambút nganggo gêndhíng, góng, swårå lan tabúh-tabuhan. Instrumèn tabúh-tabuhan ånå ing kêkawín Sumanasantaka sinêbut:
- bahiri utåwå bhèri,
- kêndhang, gubar,
- béríng-béríng, salukat,
- sarún,
- gambang,
- salundhíng,
- múng-múng,
- sangkha,
- têrompèt,
- gamêlan,
- gångså,
- giríng-giríng,
- kangsi,
- bêndhé,
- kêmpúl,
- góng,
- gúng kamanak,
- sarún bêlah.
Instrumèn kasêbút saiki jênêng gamêlan.
Gamêlan sêsambungan karo gêndhing síng ugå ånå ing sastrå Jåwå kuno:
“gending tan kakarsalwan bhramara kahidepanya ngisep sarwa sari”.
Gêndhíng síng muni alón, kåyå kumbang ngisêp warnå-warnaning kêmbang.
Ånå ing pagêlaran wayang, kabèh mau dipadhangi Bléncóng.
Bléncóng pancèn dadi pêpadhang síng madhangi pagêlaran wayang.
Madhangi panguripan. Bléncóng síng madhangi panguripan.

1 komentar:

  1. Hi there, all is going perfectly here and ofcourse every one is
    sharing information, that's genuinely excellent, keep up writing.

    Also visit my homepage Santa Monica lejlighed

    BalasHapus