Jumat, 18 Mei 2012

NOVENA HYANG ROH SUCI


Novéna katindakakên sangang dintên, wiwit jemuwah sasampunipun riaya mékrad Dalêm ngantos dinten sêtu sadèrèngipun Riaya Péntakosta.
Pambuka
P   Konjuk ing asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.
U   Amin.
P   Dhuh Roh ingkang suci, sumangga kawula aturi têdhak ing manahipun abdi Dalem tiyang pitados saha ngurubna katrêsnanipun sarana urubing katrêsnan Dalêm.
P   Mugi karsaa maringi Roh Dalêm ingkang lajêng badhé nggêsangakên samukawis.
U   Saha ngénggalakên kawontênaning jagad.
P   Suwawi sami munjuk:
     Dhuh Allah, ingkang sampun karsa paring piwulang dhatêng manahipun para tiyang ingkang sami pitados srana pêpadhang Dalêm Hyang Roh Suci, mugi abdi Dalêm kawula sami kalilanana ngraosakên kawicaksanan ingkang sêjatos wontên ing Hyang Roh Suci wau, saha tansah manggih kabingahan margi panglipur Dalêm Hyang Roh Suci. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula.
U   Amin.
Sasampunipun pambuka kalajengaken sembah-yangan miturut dinten novéna.

Dina Kapisan
Allah sumbêring kawilujêngan kawula, karana wungu Dalêm Sang Kristus, kawula kalairakên malih wontên ing pambaptisan lan ngambah gêsang énggal. Katuntuna manah kawula nuju Sang Kristus, ingkang sapunika lênggah ing satêngên Dalêm. Mugi-mugi Hyang Roh Suci tansah njagia kawula ngantos Sang Kristus rawuh malih mangagêm kamulyan, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Kapindho
Allah mahawicaksana, Putra Dalêm naté ngandika badhé paring Hyang Roh Suci dhumatêng para Rasul lan prajanji punika kapênuhan sasampunipun mékrad dhatêng swarga. Mugi, kawula ugi pinaringan bêrkahing Hyang Roh Suci. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Katelu
Allah kawilujêngan kawula, kawula pitados bilih Sang Kristus manunggil ing Sampéyan Dalêm wontên ing kamulyan. Mugi Rohipun tansah ngamping-ampingi kawula ngantos dumugi pungkasaning jaman, kados ingkang sampun dipun pangandikakaken. Awit Panjênênganipun punika Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Kapat
Allah ingkang mahasuci, mugi kakiyatanipun Roh Dalêm karêntahna dhatêng kawula, supados kawula sagêd nindakakên karsa Dalêm kanthi sêtya lan mujudakên karsa Dalêm wau wontên ing gêsang kawula. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Kalima
Allah ingkang mahakuwaos lan mahasuci, mugi Hyang Roh Suci têdhak lan dêdalêm ing kawula, saéngga kawula dados kênisahing kamulyan Dalêm. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Kanem
Allah ingkang satunggal, Sampéyan Dalêm sampun manunggilakên Pasamuwan ing Hyang Roh Suci. Mugi kawula tansah ngabdi Gusti kanthi manah ikhlas, lan manunggil sayêktos ing katrêsnan. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Kapitu
Allah ingkang mahasuci, karêntahna Hyang Roh Suci ing manah kawula, saéngga kawula sagêd ngêmban karsa Dalêm lan tinampi pantês dados kagungan Dalêm. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Kawolu
Allah sumbêring pêpadhang langgêng, margining gêsang langêng sampun binuka awit saking Sri Yésus ingkang dipun mulyakakên lan Hyang Roh Suci ingkang kautus. Mugi katrêsnan lan kapitadosan kawula sangsaya ngrêmbaka. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin
Dina Kasanga
Allah ingkang mahakuwasa, Putra Dalêm ingkang wungu sampun nuwuhakên gêsang énggal wontên ing dhiri kawula. Mugi awit saking pitulungan Hyang Roh Suci, kawula sagêd mujudakên nugraha wungunipun Sang Kristus wontên ing gêsang kawula padintênan. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula, sapunika sarta ing salami-laminipun. Amin.
Sasampunipun sembahyangan mirunggan miturut dintenipun, kalajengaken sembahyangan Rosario Hyang Roh Suci miturut tuntunan ing ngandhap.
ROSARIO HYANG ROH SUCI
mBangun Kêduwung
Allah ingkang Maha Wêlas, kawula kêduwung, déné kawula, amargi dosa kawula, pantês kapatrapan siksa saking Sampéyan Dalêm. Langkung-langkung amargi kawula ngantos adamêl gêrahing pênggalih Sampéyan Dalêm, Gusti Allah kawula ingkang Maha Luhur, ingkang misaèni dhatêng kawula tanpa wangênan, sarta jumênêng tuking sadaya kasaénan. Kawula gêthing dhatêng sadaya dosa kawula, saha gadhah niyat, srana sih pitulungan Dalêm, badhé nglêrêsakên gêsang kawula, tuwin mbotên badhé anglampahi dosa malih-malih. Gusti, kawula tiyang dosa, nyuwun kawêlasan Dalêm. Amin.

Hymnê Rawuha Roh Ingkang Murba
Lagu:   1  7<  1  3  3  3  4  3 . 3   4  5  5  5  5  4  3 .
            5  5  4  3  1  7 < 6<  7 .<    7<  7<  1  3  3  4  5  3 . 
Panutup ‘Amin’ 7< .  1 . 3 . ||
Rawuha Roh ingkang murba,
Nuwènana manah amba,
Angluberna sih nugraha,
Dhateng amba titah papa
Dhuh Paduka Sang Panglipur,
Sihing Allah kang linuhur,
Tuking gesang tresna mubyar,
Jebad ingkang karya lejar.
Asta Dalem Sang Trimulya,
Lantaraning sih kang sapta,
Kasagahan Dalem Rama,
Ingkang paring pamicara.
Nyuwun padhang budi amba,
Nyuwun manah asih tresna,
Badan ringkih nyuwun rosa,
Kakiyatna kang santosa.
Mengsah amba tinebihna,
Jiwa amba tinentremna,
Amrih tansah tuhu setya,
mBoten dhawah ing bebaya.
Nyuwun uning mring Hyang Rama,
Mangertosa mring Hyang Putra,
Saha dhateng Hyang Roh Suci,
Pitadosa ing salami.
Minulyakna Allah Rama,
Hyang Putra, Sang Wungu séda,
Hyang Roh Suci linuhurna,
Sapunika salaminya. Amin.
Prakawis kapisan
Ing panguwasaning Hyang Roh Suci, Gusti Yésus kagarba dening Ibu Kenya Maria (Luk 1:35)
Ujud mirunggan:
Mangga kita sami nyuwun sih pitulungan Dalem Hyang Roh Suci lan lantaranipun Ibu Kenya Maria supados saged mujudaken kautamèn-kautamèn Dalem Sang Kristus lan nuladani sadaya kautamèn wau, saéngga kita saged ngèmperi  Sang Kristus, Sang Hyang Putra.
----wening sawetawis----
Rama Kawula…..  Sembah bekti…….
Mugi linuhurna ….(7x).
Prakawis Kapindho
Hyang Roh Suci Tedhak ing Sang Kristus (Mat 3:16)
Ujud mirunggan:
Mangga kita sami nyuwun sih pitulungan Dalem Gusti, supados saged njagi ngantos tumekaning pati, nugraha adi, rahmating kasucian ingkang sampun karentahaken lan katanem ing sukma kita karana Hyang Roh Suci rikala nampi Sakramèn Baptis. Kita ugi nyuwun supados, saged netepi prajanji baptis ingkang sampun naté kaaturaken: lumantar gesang iman, pengajeng-ajeng lan katresnan ingkang mawujud saha tansah gesang pantes dados putra-putra Dalem lan warganing Pasamuwan ingkang sejatos, supados mbénjing saged nampi warisaning kaswargan.
----wening sawetawis----
Rama Kawula…..  Sembah bekti…….
Mugi linuhurna ….(7x).
Prakawis Katelu
Hyang Roh Suci nuntun Gusti Yesus nuju ing ara-ara samun (Luk 4:1-2).
Ujud mirunggan:
Mangga sami ngaturaken raos panuwun awit sih paring Dalem pepitu rikala nampi Sakramen Kasantosan: Rohing Kawicaksanan, Rohing Budi, Rohing Pitedah, Rohing Kasantosan, Rohing Seserepan, Rohing Sungkem, lan Rohing Ajrih-Asih. Mangga ugi masrahaken dhiri sawetahipun wontening tuntunan Dalem, saéngga wonten ing arupi pacobèn lan panggoda punapa kémawon, kita tansah tatag saha tumindak dados tiyang Kristen sejatos lan laskar Kristus ingkang santosa.
---wening sawetawis---
Rama Kawula….. Sembah bekti….  
Mugi linuhurna ….(7x).
Prakawis Kapat
Hyang Roh Suci makarya wonten ing Pasamuwan (Ras 2:2.4.11)
Ujud mirunggan:
Mangga sami ngaturaken panuwun dhumateng Gusti ingkang karsa ngangkat kita dados warganing Pasamuwan, ingkang tansah dipun jiwani lan dipun tuntun déning Hyang Roh Suci, Roh ingkang kautus dhateng donya ing dinten Pèntakosta. Mangga sami ngugemi lan netepi dampharipun Bapa Paus, wakilipun Hyang Roh Suci, ingkang tan kena luput, saha Pasamuwan, saka guru lan dhasaripun kasunyatan. Piwulangipun kajunjunga lan hak-hakipun kabélanana.
---wening sawetawis---
Rama Kawula….. Sembah bekti…….
Mugi linuhurna ….(7x)
Prakawis Kalima
Hyang Roh Suci dedalem ing sukmanipun para pinitados. (1Kor 6:19; 1Tes 5:19; Eph 4:30).
Ujud mirunggan:
Mangga sami ngakeni Hyang Roh Suci ingkang dedalem ing manah kita saha njagi sucining badan lan sukma kita supados kita ugi saged tansah ndhèrèk tuntunanipun saèngga ngasilaken wohing Hyang Roh Suci piyambak: katresnan, kabungahan, katentreman, kasabaran, kabecikan, sarèh-legawa, percaya, lembah-manah lan nguwasani dhiri.
---wening sawetawis---
Rama Kawula….. Sembah bekti…….
Mugi linuhurna ….(7x).

Nyuwun Sih Peparing Dalem Pepitu
Hyang Roh Suci
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak, saha kawula sami kalubèrana ing sih peparing Dalem saking swarga.
U   Sumangga kawula aturi tedhak, O, Rohing Kawicaksanan. Manah kawula nyuwun kawulang, amrih saged memundhi, tresna, lan ngunggulaken prakawis kaswargan. Kawula nyuwun pitedah rékanipun ngupadosi, saha lajeng nggadhahi kanugrahan swarga wau ing salami-laminipun.  Amin.  Rama Kawula.......
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak, saha kawula sami kalubèrana ing sih peparing Dalem saking swarga.
U   Sumangga kawula aturi tedhak, O, Rohing Budi. Pikiran kawula nyuwun padhang, amrih sageda mangertos lan ngantepi saèstu dhateng sadaya piwulang agami, awit punika ingkang adamel rahayuning sukma. Dados ing mbénjing kawula lajeng saged pantes lumebet ing pepadhang Dalem, nyawang Pepadhang langgeng, punapa malih kepareng sowan ingarsa Dalem kaliyan Hyang Rama tuwin Hyang Putra, aben ajeng ing sawantahipun. Amin. Rama Kawula......
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak, saha kawula sami kalubèrana ing sih peparing Dalem saking swarga.
U   Sumangga kawula aturi tedhak, O, Rohing Pitedah. Kawula Sampéyan Dalem ampingi ing satindak-tanduk kawula wonten ing jaman ingkang mboten tetep punika. Kawula nyuwun sageda manah kawula mulung dhateng kasaénan, ngipataken piawon, saha lajeng keparenga ngambah margining angger-angger Dalem, ingkang anjujug dumugi papan ingkang sinedya, inggih punika karahayon langgeng. Amin. Rama kawula.....
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak, saha kawula sami kalubèrana ing sih peparing Dalem saking swarga.
U   Sumangga kawula aturi tedhak, O, Rohing Kasantosan. Manah kawula nyuwun kiyat, amrih sageda panggah santosa, yèn manggih reribet utawi kasusahan. Kawula nyuwun kiyat, kanggé nulak panempuhing mengsah-mengsah kawula ingkang mbebayani, supados kawula sampun ngantos kawon, mindhak pethal kaliyan Sampéyan Dalem, ingkang dados Allah kawula lan Bandha kawula ingkang unggul piyambak. Amin. Rama kawula.......
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak, saha kawula sami kalubèrana ing sih peparing Dalem saking swarga.
U   Sumangga kawula aturi tedhak, O, Rohing Seserepan. Kawula nyuwun mangertos, yèn barang donya punika temtu badhé sirna tur inggih tanpa guna. Perlunipun supados kawula mboten merlok-merlokaken pados barang donya wau; dados upami nganggéa inggih namung murih kaluhuran Dalem lan rahayuning sukma kawula. Kejawi punika kawula nyuwun, sageda ngawrataken paring Dalem ganjaran langgeng, katimbang barang-barang donya. Amin. Rama kawula......
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak, saha kawula sami kalubèrana ing sih peparing Dalem saking swarga.
U   Sumangga kawula aturi tedhak, O, Rohing Sungkem dhateng Allah. Manah kawula katuntuna ngantos saged sungkem-ngaosi saha ajrih-tresna dhateng Gusti, Pangéran kawula, terus ing balung-sungsum. Sageda manah kawula tansah madosi Gusti kanthi genging pakurmatan, saha lajeng manggih Gusti, ngadhep ingarsa Dalem kanthi katresnan sejatos. Amin. Rama kawula.......
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak, saha kawula sami kalubèrana ing sih peparing Dalem saking swarga.
U   Sumangga kawula aturi tedhak, O, Rohing Ajrih Asih dhateng Pangéran. Kawula nyuwun supados badan kawula sakojur gumetera ajrih dhateng Sampéyan Dalem. Perlunipun supados mripat kawula tansah nyawang kaluhuran Dalem, Gusti kawula lan Allah kawula, dados kawula saged ajrih lan dados mboten naté kamipurun nglampahi punapa-punapa ingkang saged damel duka Dalem, Allah ingkang Mahaluhur. Amin. Rama kawula.....
Panutup
P   Dhuh Roh ingkang Suci, sumangga kawula aturi tedhak sarta ngedhaton ing manah kawula.
U   Saha ngagengna urubing katresnan kawula.
P   Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula.
U   Lan pasambat kawula dumugia ingarsa Dalem.
P   Suwawi sami munjuk:
Dhuh Gusti, kawula sami ngasih-asih nyuwun kawelasa. Mugi Hyang Roh Suci karawuhna wonten ing manah kawula. Awit anggèn kawula sami tinitah punika inggih saking kawicaksanan Dalem saha salajengipun inggih tansah jinangkung ing palimirma Dalem Hyang Roh Suci wau. Lantaran Sang Kristus, Gusti kawula. Amin.

†††

Tidak ada komentar:

Posting Komentar