Jumat, 18 Mei 2012

ROSARIO KASETYAN


Rosario Padinan Ing Wulan Mei
“SETYA MARANG PIWULANG DALEM GUSTI, TANDHANING KATRESNAN SEJATI”

Per Mariam ad Jesu, lumantar Ibu Maria, mangga kita sami nglelimbang pakaryan kawilujengan Dalem Gusti ingkang saklangkung ngéram-éramaken supaya bisaa sangsaya pantes nampi ganjaran kaswargan, ngemungaken dhawuh-dhawuh Dalem Gusti lan nilar karemenanipun/kekajenganipun piyambak.
Awit sadaya dosa punika asalipun saking anggènipun kita namung mburu lan ngemungaken karemenan kita piyambak lan nilar dhawuh-dhawuh utawi karsa Dalem Gusti. Kita lajeng dhumawah ing dosa, inggih dosa alit punapa dosa ageng.
Pramila saé menawi ing wulan Mei punika, wulan mirunggan kanggé nglelimbang tuladha dalem ibu Maria ingkang sampun nampi ganjaran makuthaning swarga. Kita sacara mirunggan mijèkaken wekdal, pikiran, tenaga lan jiwa raga kita kanggé nglelimbang gesang kita piyambak lan wantun nulad tuladha dalem Ibu Maria, kados pundi tansah “sandika” ing dhawuh Dalem Gusti, lan nilar punapa ingkang dados pikiran, rasa pangrasa, niyat lan manahipun piyambak. Ibu Maria wantun nilar kekajenganipun, lan ngudi supados karsa Dalem Gusti, ingkang sajatosipun awrat anggènipun nampi, nanging awit saking kapitadosanipun, Ibu Maria nampi lan nindakaken kanthi bingah.
Kanthi nglelimbang kautamènipun Ibu Maria, kita ugi kaajak supados wantun nilar kekajengan kita piyambak ingkang tuwuh saking pikiran, manah, rasa pangrasa punapa dènè niyat, supados kita sangsaya saged gesang lan nindakaken samubarang ingkang dados karsa Dalem Gusti, inggih wonten ing diri pribadi kita piyambak, inggih wonten ing pangudi mbangun katresnan jati ing brayat, inggih anggenipun mbangun pasrawungan saé ing tengahing masyarakat lan Pasamuwan.
Kabegjan (kebahagiaan) jati punika mboten ateges sadaya kekajengan kita kalampahan, ananging awit karana kita saged nindakaken dhawuh-dhawuh Dalem Gusti kanthi setya lan nilar ingkang dados kekajengan kita piyambak.
Mugi Gusti Allah ingkang mahatresna lan sampun labuh labet kanthi ngasoraken diri kanggé nebus kita saking dosa-dosa, paring berkah supados kita saged ngudi gesang ingkang saé lan murakabi tumrap sarasing jiwa lan raga kita, ngantos dumugining gesang langgeng. Amin.
Lan yèn ing samangké kita tinimbalan Gusti, kita saged kanthi bingah lan tentrem nampi rawuh Dalem Gusti, awit sampun kanthi wetah nindakaken karsa Dalem, “…..padha wulangen mbangun-turut marang sakèhing piwulang sing wis Dakwulangaké marang kowé." (Mat 28:20a).

Kanthi katresnan,
ykristiyanta,pr
SEMBAHYANG TESBÈH

Tandha Pamenthangan…
Kawula Pitados…..
Mugi Linuhurna…..
Pinujia….
Sembahyangan Fatima
Dhuh Gusti ingkang mahasaé, kaapuntena dosa-dosa kawula. Kawilujengna kawula saking geni naraka, lan karsaa nampi para sukma mlebet ing swarga, langkung-langkung para sukma ingkang mbetahaken sih palimirma Dalem. Amin.
Rama Kawula……
Sembah Bekti Katur Ing Putra Putri Dalem Sang Hyang Rama.
Sembah bekti kawula,….....
Sembah Bekti Katur Ing Ibu Dalem Sang Hyang Putra.
Sembah bekti kawula, ….…
Sembah Bekti Katur Ing Pramèswari Dalem Sang Hyang Roh Suci.
Sembah bekti kawula,..…...
Mugi Linuhurna…..
Pinujia…..
(Kalajengaken prakawis-prakawis Rosario. Sasampunipun rampung katutup mawi sembahyangan panutup ing ngandhap.)
PRAKAWIS KABINGAHAN
Dina senèn, setu, mangsa Adven lan Mangsa Natal
1. Malaékat Gabrièl Nglantaraké Dhawuh Marang Ibu Maria.
Nanging Malaékat ngandika, "Sampun ajrih Maria, panjenengan sampun manggih sih ing ngarsaning Allah. Lha punika panjenengan badhé anggarbini sarta mbabar putra kakung ingkang kedah panjenengan paringi asma Yésus." (Luk 1:30-31)
Ujub: Mugi kados tuladhanipun Ibu Maria, kawula tansah ngemungaken dhawuh-dhawuh Dalem, lan wantun setya dumugining pejah.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
2. Ibu Maria Tuwi Santa Elisabét.
Lan sakala bareng Elisabèt ngrungu Dèwi Maria uluk salam, jabang bayi ing guwa-garba nglumba lan Elisabèt dhéwé kapenuhan ing Hyang Roh Suci banjur nguwuh kanthi sora sarta munjuk, "Sami-sami wanita panjenengan tuhu pinuji lan pinuji ugi wohing guwa-garba panjenengan." (Luk 1:41-42)
Ujub: Muga kados tuladhanipun santa Elisabèth, kawula wantun nindakaken tuntunanipun Hyang Roh Suci amrih sageda gesang suci.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
3. Sang Kristus Miyos Ing Bètlehèm
Lan mbeneri ana ing kana mau, Maria wanciné mbabar. Panjenengané mbabar putra kakung pambajeng kang nuli ginedhong ing gombal lan kasèlèhaké ana ing pamakanan awit ing panginepan wis ora oman papan. (Luk 2:6-7)
Ujub: Mugi kados déné miyosipun Gusti Yésus, kawula saged tetep setya ing kasucian lan kasunyatan, langkung-langkung rikala ngadhepi pengalamaning gesang ingkang awrat.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
4. Sang Kristus Dicaosaké Ana Ing Padaleman Suci .
Lan Siméon nambut Sang Timur binopong sarwa memuji Allah, unjuké : "Ing samangké pun abdi kalilana mundur kanthi tentrem dhuh Pangéran, manut sabda Dalem, awit mripat kawula sampun nyipati pangentasan Dalem." (Luk 2:28-30) .
Ujub: Mugi kados déné pangajeng-ajengipun Siméon, kawula tansah ngudi gesang suci amrih sangsaya ngraosaken katentremaning sukma sapunika lan ing tembé rikala Gusti nimbali kawula.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti……(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
5. Sang Kristus Kapanggih Ana Ing Padaleman Suci.
Ing telung dinané ketemu ana ing padaleman suci, lenggah ing antarané para guru, mirengaké sarta tetakèn. Kabèh kang ngrungu padha gumun marang landheping panggrahita lan wangsulané. (Luk 2:46-47)
Ujub: Mugi kados déné para guru ingkang miring lan kasengsem dhateng Gusti Yésus, kawula ugi sangsaya nresnani Sang Kristus kanthi gumolonging manah, gumolonging budi, lan gumolonging kekuatan kawula.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti……(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
PRAKAWIS SUMUNAR
Dina Kemis
1. Gusti Yésus Dibabtis Ana Ing Bengawan Yordhan.
Lan dhèk samana Gusti Yésus rawuh saka Nasarèt ing tanah Galiléa, sarta dibabtis Yoanes ana ing Bengawan Yordhan. Lan sanalika bareng mentas saka ing banyu, banjur pirsa ing langit sigar, lan Hyang Roh Suci pindha dara tumurun, lan nedhaki Panjenengané. Banjur ana swara dumeling saka ing langit, "Kowé iku Putra-Ku kinasih. Kowé kang gawé rena-Ku." (Mrk 1:9-11).
Ujub: Mugi kanthi setya dados pandhérék Dalem Sang Kristus lan ngèstokaken sabda-sabda Dalem, kawula ugi pantes nampi ganjaran kaangkat dados putra-putra Dalem kinasih Allah Hyang Rama.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti……(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
2. Gusti Yésus Paring Pratéla Ana Pangantènan Ing Kana.
Ibu Dalem banjur ngandika marang para abdi, "Kabèh kang didhawuhaké tindakna!" Ing kana ana genthong watu enem, dipasang kanggo wisuh miturut padatan cara Yahudi. Siji-sijiné bisa amot loro utawa telung metreta. Gusti Yésus banjur dhawuh, "Genthong iku kebakana banyu." Genthong padha diisèni nganti kebak mancep. Nuli Gusti Yésus dhawuh, "Saiki cidhukana lan caosna ,marang sing ngasta pramugari." Iya banjur dicaosaké. (Yoh 2:5-8).
Ujub: Mugi kados déné para abdi, kawula sangsaya pitados bilih sabda-sabda lan dhawuh-dhawuh Dalem Gusti dados sumbering kawilujengan lan kabegjaning gesang kawula.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
3. Gusti Yésus Wiwit Mucal Lan Dhawuh Padha Martobat.
Bakda Yoanes dicekel, Gusti Yésus banjur tindak menyang Galiléa, martakaké kabar kabungahan kang tumurun saka Allah. Pangandikané, "Wus tekan titi-mangsané, kratoning Allah wus cepak. Padha martobata lan ngandela marang kabar kabungahan." (Mrk 1:14-15).
Ujub: Mugi kapitadosan dhateng kabar kabungahan lan sikap penuh pamartobat ingkang dipun wartosaken Sang Kristus estu kawula tindakaken ing gesang saben dintenipun supados kawula pantes nampi ganjaran kawilujengan Dalem.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
4. Gusti Yésus Kamulyakaké Ana Ing Gunung Tabor.
Lan let enem dina Gusti Yésus ngathi Pétrus, Yakobus, lan Yoanes diajak minggah ing gunung dhuwur, miyambak. Lan Gusti santun warni ana ing ngarepé. Agemané dadi sumorot putih memplak. Ana ing donya ora ana wong bisa musoni sing mengkono. Nabi Elias lan Nabi Musa padha ngatingal, lan ngendikan karo Gusti Yésus. (Mrk 9:2-4).
Ujub: Mugi kados déné para murid pinilih, kawula saged ngraosaken kamulyan Dalem Gusti ingkang sangsaya adamel manah kawula ajrih asih ing Gusti.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
5. Gusti Yésus Yasa Sakramèn Ekaristi.
Nuli Gusti mundhut roti, munjuk sembah nuwun, roti dicuwil lan diparingaké sarwa ngandika, "Iki Sliraku, kang bakal kaulungaké nglabuhi kowé. Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku. Semono uga Gusti mundhut tuwung, sawisé dhahar, sarwa ngandhika,"Iki tuwung Prajanjian Anyar ana ing Rahku, kang diutahaké nglabuhi kowé. (Luk 22:19-20).
Ujub: Mugi Pahargyan Ékaristi, sarananing anggèn kawula ngemut-emut pakaryan agung kurban katresnan Dalem, sangsaya dados sumbering iman kapitadosan kawula ingkang manunggilaken kawula kaliyan Gusti.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
PRAKAWIS KASANGSARAN
Dina Selasa, Jumat lan mangsa Prapaskah
1.  Gusti Yésus Sungkawa Ana Ing Taman Jaétun.
"Dhuh Rama, manawi dados karsa Dalem mugi tuwung punika kasingkirna saking kawula, nanging sanès kajeng kawula, karsa Dalem kalampahana." (Luk 22:42).
Ujub: Mugi kados déné Sang Kristus ingkang karsa ngurbanaken Salira lan Rah Dalem pribadi supados karsa Dalem Allah kalampahana, kawula ugi wantun nilar karemenan kawula piyambak lan namung ngestokaken karsa Dalem Gusti.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
2. Gusti Yésus Disapu.
Wong kang padha njaga Gusti, moyoki Panjenengané lan ngantemi. Gusti dikrukubi lan diantemi wadana Dalem sarta bola-bali ditakoni, celathuné, "Wis wacanen, sapa sing ngantemi kowé iki?” Lan isih akèh manèh pitembungané marang Gusti wujud cecamah. (Luk 22:63-65).
Ujub: Mugi mboten kados déné tiyang-tiyang ingkang moyoki lan nyenyamah Gusti, kawula sangsaya saged caos pisungsung gesang lan pangabekti konjuk ing Gusti ingkang pantes.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……....
† Sembahyangan Fatima….
3. Gusti Yésus Diagemi Makutha Eri.
Lan para prajurit ngenam makutha eri, dietrapaké ing mustaka Dalem. Nuli Panjenengané diagemi sandhangan abang jingga, banjur pada sowan matur, "Pangabekti Ratuning tiyang Yahudi" lan Gusti diantemi." (Yoh 19:2-3).
Ujub: Mugi Gusti ingkang karsa nampi makuthaning eri ing mustaka Dalem, sangsaya ngiyataken kawula bilih nampi kasangsaran awit saking ngugemi kasetyan dados sarananing nampi kamulyan.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
4. Gusti Yésus Manggul Pamenthangan.
Gusti Yésus ditampi lan digawa lunga. Gusti manggul salib Dalem piyambak tindak menyang papan kang diarani Kalpari, tembung Hibrani Golgota. Ana ing kana Gusti disalib lan bebarengan karo Panjenengané ana wong loro kang disalib ngiwa-nengen, déné Gusti Yésus ana ing tengah." (Yoh 19:17-18).
Ujub: Mugi Gusti ingkang manggul pamenthangan kanthi tabah, sangsaya mbikak mripat lan manah kawula bilih kawula ugi kedah manggul salib gesang kawula saben dintenipun kanthi tabah supados kawula saged nilar karemenan kawula piyambak.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
5. Gusti Yésus Séda Ana Ing Pamenthangan.
Kanthi nguwuh swanten sora, Gusti Yésus ngendika, "Dhuh Rama, kawula masrahaken sukma kawula ing asta Dalem, lan ngendika mangkono iku, Gusti Yésus séda. Bareng penatus weruh lelakon mau, mulyakaké Allah, sarta celathu, "Mula nyata Wong iki ora salah." (Luk 23:46-47).
Ujub: Mugi kados déné penatus ingkang martobat, kawula ugi wantun tansah martobat, nilar dosa-dosa lan kasèkèngan supados kawula pantes nampi ganjaran kaswargan.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
PRAKAWIS KAMULYAN
Dina Rebo, Minggu lan Mangsa Paskah
1. Gusti Yésus Wungu Saka Séda.
Malaikat ngandika, “Wis ora ana ing kéné, wis wungu. Élinga marang pangandikané dhék ana ing Galiléya, sing mangkéné uniné : "Wus Pinasthi Putraning Manungsa kudu diulungaké marang tanganing wong dosa, sarta disalib lan ing telung dinané bakal wungu saka séda." (Luk 24:6-7).
Ujub: Mugi pawartos wungu Dalem Sang Kristus, ndadosaken kawula wantun tangi saking dosa-dosa lan mbangun pangajeng-ajeng gesang ingkang laras kaliyan dhawuh Dalem Gusti..
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
2. Gusti Mékrad Menyang Swarga.
Nuli para murid padha diajak nganti tekan Bétania, lan ngumbulaké asta. Gusti maringi berkah lan bareng karo anggoné paring berkah Gusti nilar para rasul, lan kasengkakaké menyang swarga. (Luk 24:50-51).
Ujub: Mugi peparing Dalem Gusti ingkang awujud berkah maneka warni, estu kawula raosaken ing gesang kawula, supados kawula sangsaya namung njagèkaken pitulungan Dalem.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
3. Hyang Roh Suci Tedhak.
Kabèh padha kapenuhan ing Hyang Roh Suci, sarta banjur padha guneman nganggo basa warna-warni, mojar manut sakaparengé Hyang Roh Suci. (Kis 2:4).
Ujub: Mugi kados déné para murid ingkang kadunungan Hyang Roh Suci, kawula sangsaya pitados bilih gesang kawula mboten namung mbujeng karemenan kawula piyambak ananging langkung-langkung gesang miturut tuntunaning Hyang Roh ingkang suci.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
4. Ibu Maria Kapundhut Menyang Swarga.
Nanging kabèh iku ana urut-urutane, sing dhisik dhéwé Sang Kristus, kang jumeneng panunggul, banjur liya-liyané kang dadi kagungan Dalem Sang Kristus, yèn mbésuk rawuh. (1 Kor 15:23).
Ujub: Mugi kawula ingkang sampun kabaptis lan kaangkat dados kagungan Dalem Sang Kristus, keparenga ndhèrèk wungu mulya nunggil Gusti ing swarga.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….

5. Ibu Maria Tampi Makutha Ana Ing Swarga.
Ana pratandha katon ing langit, wanodya asingep surya lan rembulan, ana ing sangandhaping pada déné mustakané jinamang lintang rolas. (Why 12:1).
Ujub: Mugi ganjaran kaswargan ingkang sampun dipun tampi déning Ibu Mariyah, sangsaya adamel mongkoging manah kawula bilih setya nglabuhi kasunyatan lan dhawuh-dhawuh Dalem Gusti, dados margining gesang kawula nampi makuthaning swarga.
† Rama Kawula….
† Sembah bekti…….(10x)
† Mugi linuhurna………..; Pinujia……...
† Sembahyangan Fatima….
SEMBAHYANG PANUTUP
PASRAH MARANG IBU KENYA MARIYAH.
Dhuh Sang Kenya ingkang suci linangkung, Dèwi Maria Ibuning Allah, kawula .... (nyebut jenengé dhéwé ing batos)….., sanadyana mboten pantes pisan-pisan ngabdi ing panjenengan dalem, ananging margi katarik ing sih kadarman dalem ingkang ngéram-éramaken punika, sarta saking kapiluyu kawula lumebat dados abdi dalem, sapunika mawi sinèksen Malaékat pamomong kawula, sarta para Minulya ing swarga, milih panjenengan dalem dados Ratu, Pangayoman lan Ibu kawula.
Kawula niyat terusing manah badhé tansah ngabdi paduka. sakwagang kawula inggih badhé mbudidaya, supados panjenengan dalem tansah dipun abdèni tiyang sadaya kanthi setya tuhu.
Milanipun, o Ibu ingkang ambeg tresna, abdi dalem munjuk ngasih-asih, mugi karana Rah Dalem Sang Kristus, ingkang sampun katuntasaken kanggé kawula, keparenga ing penggalih mundhut abdi dalem dados golonganing tetiyang ingkang panjenengan dalem ayomi, sarta winisudha dados abdi dalem ing salanggengipun.
Mugi karsaa tansah njangkung dhateng sapari polah kawula, sarta karsaa nyuwunaken sih, murih sasolah-tingkah kawula sampun pisan-pisan ngantos damel gerahing panggalih dalem, utawi Tyas Dalem Gusti ingkang mahasuci.
O Ibu, mugi kawula punika tansah panjenengan dalem panggalih, sampun ngantos wentala ngoncati abdi dalem ing wekdal ajal kawula. Amin.




†††

Tidak ada komentar:

Posting Komentar