Pakdhe
Pitter (PP) karo Mas Paul (MP) ngrasakake yen donyane saiki wis sangsaya
ninggalake Gusti. Akeh wong mung padha mburu piyandele dhewe-dhewe, ora eling
marang piyandel sing sejati, yakuwi Sang Kristus.
MP : Pakdhe, wingi aku dolan nang salah siji umat
sing ora katulik, arep nyembahyangake bapak-bapak sing uwis suwe lara, ngleleh
ora bisa ngapa-ngapa.
PP : Weh..elok, mas! Lha koq kenal, kowe?
MP : Lha aku kewahyon liwat sms, kang nyuwun supaya
bapake disembahyangake.
PP : Lha banjur kepriye?
MP : Ya aku mrana, menyang omahe, pranyata ra ana
sing katulik, blass!
PP : Njur? Wedi nu, ra ana sing katulik?
MP : Wedi kepriya, ora yaaa? Nek sih da dene doyan
sega ki, ya rasah diwedeni. Sing diwedeni kuwi kudune Jeng Pati, ra ana sing
kuwat nglawan gitu.
PP : Jeng Pati? Sapa maneh kuwi?
MP : Halah…mosok ra mudenga, kuwi loh piyayi putri
sing ayu tur alus, nanging yen wis titimangsane bakal nyabut nyawane dhewe.
Hehe.
PP : ooalah…njur kepriye mas, sabanjure?
MP : Ya aku njur matur yen sowan pengin
nyembahyangake bapak sacara katulik gitu.
PP : Njur? Uleh ora?
MP : Ya intine, sisihane bapak ngeparengake, banjur
crita yen Bapak kuwi nate ngendika yen dalane sing diambah koq peteng, kaya
nyang tengah alas, mlaku mrana nabrak gunung, mlaku mrene uga, gragap-gragap
ora weruh dalan.
PP : Wee..lha koq isa, mas? Jalarane apa?
MP : aku dhewe ya ra ngerti, mungkin amarga ora
nduweni Sang Pepadhang sing dicekel terus-terusan ana uripe, saengga dalane
dadi peteng.
PP : Walah…njur disembahyangke, mas?
MP : Ya aku banjur mlebu kamare bapak, arep
nyembahyangake. Ternyata oh ternyata, pakdhe….ana ing kamare, uakeeh banget
wesi aji wujud keris, tombak, pring kuning, patung-patung cilik lan liya-liyane
sak lemari gedhe…saka ambune lan swasanane wis cetha sapa sing nguwasani kamar
kuwi..
PP : Wedi ora, mas?
MP : ya biasa ae gitu, ora kaget koq.
PP : Berarti le peteng kuwi, apa amarga wesi-wesi
aji sing disimpen ana ing kamar kuwi ya mas?
MP : Aku dhewe ya ra ngerti, pakdhe? sing baku, yen
ana mengkono kuwi, masalahe, awake dhewe nembah Gusti, Sang Pepadhang, apa
nembah brahala gitu.
PP : wah..wah, padala jaman saiki, kaya-kayane wis
akeh wong padha nyembah brahala loh mas: duwit, gawean, internet, hape, tivi,
lan liya-liyane sing dinomorsijekake.
MP : Iya ya
pakdhe, yen uripe awake dhewe ora “menomorsatukan” Gusti Yesus, berarti awake
dhewe kuwi mesti nembah brahala marang liyane. Yen ngunu kuwi, sejatine, uripe
awake dhewe ana ing pepeteng. Lan mbesuk yen mati, awake dhewe ora ngerti
menyang ngendi dalan sing bakal diparani.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar