“Nata Agung, manggran
ing bawana…..” keprungu saka kadohan swara wong-wong padha ngidungake “Nata
Agung”. Pakdhe Pitter (PP) karo Mas Paul (MP) kanthi setiti ngrungokake anggone
padha latihan kor.
MP : Pakdhe, kekidungan “Nata Agung” kuwi jiaan
elok ya, apa maneh yen dikidungke kanthi temenanan, kang ngungkapake iman sing
jero lan mantep.
PP : Lha koq isa, mas?
MP : Lha kidung kuwi khan mratelakake kepriye
anggone awake dhewe ngakoni lan pracaya marang Sang Kristus, Nata Agung, ta?
PP : Iya ya….Gusti Yesus kuwi Nata Agung, kuwi
ateges, Gusti Yesus kuwi, Nata, nata samubarang kabeh sing ana ing donya lan
ing swarga, to mas artine?
MP : Betuuul sekali, pakdhe. kanthi tembung liya
ateges, wong sing ngakoni Sang Kristus kuwi nata agung, ya uripe mesti tinata
gitu.
PP : Lha masalahe, urip sing tinata kuwi kepriye,
mas?
MP : Ya intine, urip sacara Sang Kristus, Sang
Tinata saengga kapitados Allah dados Nataning alam sawegung gitu.
PP : Weh, gampangane priye kuwi, aku gak mudeng,
mas!
MP : Ya urip tinata ki bisa didelok saben dina,
sajroning patlikur jam ki uripe awake dewe tinata ora? Isa nata wektu, nata
solah tingkah, nata pikiran, nata ati, nata samubarang sing dipitadosake Gusti
marang awake dhewe, ya nata brayat, nata umat lingkungan/wilayah bareng-bareng.
PP : Wah mosok ya ngunu, mas? Ya gak mardika nu
uripe awake dhewe yen kabeh-kabeh sarwa tinata? Mosok urip ki kudu ngene, utawa
ngono. Ra uleh sakarepe wudele dhewe nu, mas??
MP : Lha njenengan arep nyawang karahayon ora,
pakdhe? nek pengin ya kudu tinata lan nata urip kanthi tenanan.
PP : Piye carane, mas?
MP : Carane ya kaya sing diwartakake yohanes dina
iki nu: sing njeglong-njeglong, diurug, sing nggunung-nggunung dikepras, sing
menggak-menggok, dilempengke, sing mendak mendukul diratakake. Kuwi khan ateses
ke-amburadul-an kudu ditata supaya kabeh wong bisa nyawang karahayon.
PP : wooo…mudenga aku, berarti urip sing ora tata,
ora bakal nyawang karahayon, yo mas?
MP : tepaaat sekali, pakdhe? mulane mangsa adven
dadi wiwitan kanggo awake dhewe urip tinata supaya bisa pantes nampi Sang Nata.
PP : kudu wani
mapras, wani ngurug, wani nglempengke, wani ngratakake!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar