Kamis, 29 November 2012

KEBLAT PAPAT KALIMA PANCER

Tengah awan, pakdhe Piter (PP) sajak nyenuk ing ngarepe sesajenan sing wis tinata, banjur ngrapal donga marang Gusti kang akarya jagad: “Kyai among nyai among, ngaturaken pisungsung kagem para leluhur ingkang sami nurunaken jabang bayine mas Paul (MP) mugi tansah kersa njangkung lan njampangi lampahipun, dados tiyang ingkang tansah hambeg utama, wilujeng rahayu, mulya,  sentosa lan raharja. Wilujeng rahayu kang tinemu, bandha lan beja kang teka. Kabeh saka kersaning Gusti”.
PP   :  Wis rampung mas, ndang dipangan inthuk-inthuke, wetonmu saiki ta?
MP  :  iya e pakdhe, saben selapan, simbok mesti nggawekke inthuk-inthuk ya minimal jenang limang werna pakdhe. lumayan, jane sing dakarah ya jenange kuwi. Hehehe
PP   :  ya rapapa mas, gawe inthuk-inthuk kuwi ya apik, kanggo ngormati sing momong awake dhewe, keblat papat kalimo pancer, kakang kawah adi ari-ari, sing momong awake dhewe.
MP  :  aku jane ya ra mudeng koq, pakdhe. nanging ya jenenge kapercayan, yen apik ya dilestarekake ya rapapa gitu.
PP   :  yaa ngunu kuwi khan nduweni pangarep-arep supaya sing momong awake dhewe, ya sing kerumat lan sing ora kerumat, tetep bisa ngayomi, minimal tansah gawe tentrem uripe awake dhewe gitu mas.
MP  :  Bener pakdhe, ateges, awake dhewe penging urip sing harmoni karo kabeh sing tumitah, ing kiwa tengen ngisor nduwur, ngarep mburi ne awake dhewe.
PP   :  Lha yo kuwi, mas tegese taman eden, kabeh sing tumitah sarwa apik kanggo awake dhewe, sarwa seimbang kanggo uripe awake dhewe iki. Lan kuwi kabeh ya gumantung awake dhewe sing ana ing pancere, ing tengah-tengahe sing kudu agawe seimbang apa bae.
MP  :  lha maksude apa kuwi??
PP   :  ya maksude, awake dhewe kudu sangsaya bisa nggayuh urip sing selaras, ya marang Gusti, lan marang pepadha, uga marang alam titahing Gusti, kabeh diupakara tenanan aja nganti salah siji dilirwakake utawa dipentingake.
MP  :  Ya ora gampang ya, pakdhe ya?
PP   :  jenenge bae urip, mas, miturut dewa 19, hidup adalah perjuangan. Yen miturut wong jawa, kaya sunduk sate sing ditancepake ing puncukane tumpeng sing mralambangake pahit, getir, pedas, manis, gurih ing urip. Hehehe
MP  :  makane kuwi, kaya sabda Dalem Gusti dina iki, malaikating Allah bakal nglumpukake para pilihan Dalem saka keblat papat, saka kikising bumi lan tanceping langit.
PP   :  Lha nek kuwi ya beda maksude, mas! Maksude bilih ora ana wong sing bakal uwal saka pangadilaning Allah gitu, saperangan nampa urip langgeng, liyane nampa kanisthan sing nggegirisi.
MP  :  Waduh..berarti kabeh padha ditangekake saka pati to, pakdhe?
PP        :           Bener, mas! Njur diadili kanggo urip langgeng, apa kanisthan nggegirisi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar