Kamis, 29 November 2012

KOLEKTE SEWU APA LIMANGEWU

Wis dadi kewajibaning wong katulik, yen pakdhe Piter (PP) sabrayat, saben dina minggu ngriyayakake mis suci. Semono uga mas Paul (MP) sregep ngriyayakake mis suci saben minggu. Ora lali ya nyepakake kolekte, nyisihke duwit sangu le maringi simbok saben dina, supaya bisa kolekte saben minggune.
MP  :  Berkah Dalem, pakdhe! wah-wah jiaan, dakrasak-rasakake, pakdhe Piter sabrayat ki sregep tenan tindak greja.
PP   :  lha yo mesti ae to mas! Mosok wong katulik sejati ora saben minggu tindak greja. Lamis thok nu yen ora bisa ngriyayakake saben minggu.
MP  :  badalah….!!! Atos men pangandika panjenengan, pakdhe?
PP   :  coba dinalar ae, mas! Misa saben minggu ki lha yo kesempatan mirunggan, siji-sijine kanggone awake dhewe maturnuwun karo Gusti sacara langsung ta? Gusti rawuh ngarsakake awake dhewe ndherek bojana Dalem. Khan kuwi kesempatan sing pas kanggo ngaturake panuwun ta?
MP  :  lha maturnuwun bab apa, pakdhe? lha wong uripe awake dhewe saben dinane ya padha bae je, utang ya ra lunas-lunas, rekasa ya ra leren-leren, gawean ya ra ana enteke, masalah ya ra ana rampunge, ki?
PP   :  weee……apa ra ngerti mas? Coba, Gusti maringi awake dhewe wiwit dina Senen nganti setu, awake dhewe bisa ambegan tanpa bayar, bisa mangan esuk awan sore dipunjung Gusti, kepareng nglakoni sing awake dhewe pengini, lan liya-liyane. Awake dhewe nyaosi apa jal kanggo males kuwi kabeh?
MP  :  lha apa, pakdhe? Gusti khan wis cukup sakabehe gitu?
PP   :  pancen mas, mulane kuwi khan awake dhewe sing kudu nduwe rasa pangrasa atur panuwun gitu, yakuwi saben minggu palinga ya mung 3 jam kanggo maturnuwun ingarsa Dalem.
MP  :  iya ya, pakdhe?
PP   :  lha yo yen ngunu kuwi, kanggone awake dhewe, Gusti ki muraaaaaaahhh biiiyaaaanget, nem dina peparing kepara malah pitung dina le maringi, awake dhewe mung 3 jam caos piwales marang Gusti. Kepara kolekte we lali, utawa etung-etungan sik karo ibune.
MP  :  hahahaha……mosok ya ngunu kuwi pakdhe yen kolekte?
PP   :  lha ya mesti dietung to, mas! Lha wong blanjane ngomah bae kerep ra tau cukup je, ana-ana bae kebutuhane, dadi ya wajarlah yen kolekte kudu dietung tenanan.
MP  :  hmmmm……kuwi nyindir apa nguja, pakdhe??
PP   :  ya nulad bae marang janda miskin ing kitab suci kuwi, mas? Kabeh kagungane diesokake kanggo pisungsung marang Gusti. Elook ta?
MP  :  tenanan ora kuwi, pakdhe? aja-aja mung critane kitab suci bae?
PP   :  percaya ya kena, ora ya rapapa, sing penting apa sing diwartakake ing kitab suci kuwi carane nggayun urip kaswargan gitu.
MP       :           walah……..!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar