Kamis, 29 November 2012

PERGILAH KAMU DIUTUS

Dina-dina iki, Mas Paul (MP) karo Pakdhe Piter (PP) mlaku-mlaku ing saindhenging tlatah padhukuhan-padhukuhan ing kadipaten Petrus Paulus. Dumadakan, sakeloron kaget, amarga ana swara sing sero banget, “Ayo, murah meriah, toblos dadane bu, Satiyem!!! Gratis..ora usah mbayar!!. Swara kuwi sangsaya cedhak, sangsaya sero..!! pranyata, suwara kuwi saka pengeras swara sing digawa pick up, sing ngampanyeke bu Satiyem, calon ketua lingkungan ing padhukuhan kono.
MP  :  Pakdhe, coba nek suk mben, pilihan dewan paroki digawe kaya mengkono, bisa ora ya??
PP   :  halaaahh,……sengsara, mas! Eh…sengara, mas! Lha wong wes ditawak-tawakke wae raana sing ngenyang je!!
MP  :  badalah, kaya barang didol wae, dinyang…
PP   :  Lha ncen ngunu koq, mas! Coba nek kaya pilihan gupernur DKI ana enem, jal! Ya muga-muga wae pilihan dewane dhewe mbesuk ya mengkono kuwi, bisa meriaah….tur bersaing!! Hehehe…nganggo strategi barang supaya bisa menang!
MP  :  jare…sengsara, pakdhe! eh, sengara bisa mengkono!!
PP   :  iya e mas, piye yo ben pilihan dewan ki menarik, akeh sing berebut pengin menduduki kursi dewan paroki. Nek bisa mengkono, katon banget yen Pasamuwane dhewe urip tenan gitu.
MP  :  nah…..mungkin jalarane ana ing waosan injil dina iki, pakdhe! awake dhewe percaya ta, nek labuh labet ing Pasamuwan kuwi dadi kersa Dalem Gusti, ateges, sing labuh-labet kuwi kautus dadi pawarta kabar kabungahan gitu. Tapi khan anehe, Gusti Yesus ngersakake ora uleh nggawa apa-apa, mung nggawa teken thok! Piye jal?
PP   :  Hehe….ya bisa uga, mas! Lha nek mung nggawa teken, ki gunane apa, paling-paling nggo menthungi to? Utawa nggo mbantu mlaku sing wis jompo-jompo…
MP  :  Alias ra ana paedahe gitu, maksude pakdhe??
PP   :  Ya ura ngunu kuwi, mas! Ya pokoke, tanpa kepentingan apa-apa ngunu waelah mas!
MP  :  hmm….ateges kudu murni ati lan budine to, pakdhe! supaya anggone tumindak dadi pawarta, labuh labet ing tengahe Pasamuwan kuwi, suci mligi supaya Asma Dalem Gusti dimulyakake gitu?
PP   :  Benerrr….buanget, mas!
MP  :  Sippp…pakdhe! aku mbesuk tak njago ya!!!
PP   :  aku bakal milih kowe, mas!
MP  :  maturnuwun, pakdhe!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar