Kamis, 29 November 2012

KASANTOSANKU SAMPURNA ANA ING KASEKENGANMU

Pakdhe Piter (PP) rada peteng ulat e amarga akeh kondangan dina-dina iki, durung layatan, lan putrane sing munggah kelas, njaluk ditukokake hape. Mas Paul (MP) semono uga ngarasakake bab sing padha.
MP  :  Ana apa pakdhe, prei-prei koq malah ulate peteng sajak lagi nampa karibetan gedhe?
PP   :  ra ana apa-apa koq, mas! Biasalah nek mangsa liburan ngene ki akeh amplopan, durung anakku sing gedhe njaluk ditukoke hape, sing cilik njaluk pit onthel, we ngarani. Hapene sing isa nggo photo-photo karo internetan, ngunu mas. Sing cilik, njaluk pit onthel sing dudu unto, nanging polygon.
MP  :  Wah, yo butuh duwit akeh kuwi pakdhe?
PP   :  mangkane kuwi, mas! Lha wong kaya awake dhewe iki khn ora duwe pemetu sing ajeg, kepara ana kepara blas ora nyekel duwit, malah kudu utang kana-kene. Sing kana rung isa nyaur, kudu golek utangan maneh. Jane ya gelem-gelem wae le utang, nyaure kuwi loh mas sing abot.
MP  :  lha ya mesti ae, pakdhe! jenenge utang ya kudu nyaur. Yen nyaur ya tepat waktu, aja biasa ngundur-undur janji.
PP   :  mangkane kuwi, mas! Lha bocah saiki ki wes angel diprema je. Yen njejaluk, kudu ndang ana. Ora ngerti bot-repote wong tuwa.
MP  :  Ya jenenge wae bocah jaman saiki, pakdhe. Beda kaya jamanku mbiyen, utawa jamane pakdhe.
PP   :  lha ya kuwi, mas! Apa nang sekolah ki ra diajari urip prasaja ngunu pa ya. Lha kancane duwe apa, njur pengin, kepara njaluke ora gelem kalah karo kancane, njaluk sing luwih apik. Ya kaya hape utawa pit onthel kuwi, mas. Mumet aku…kudu golek utangan nangdi maneh jal?
MP  :  Yo sing sabaar, pakdhe! lha kae wit jati kebon kae isih akeh ta? Hehe..didolke siji lha yo wis cukup kanggo kabutuhan kuwi.
PP   :  Walah….mosok ya kudu ngunu, mas! Ngunu ya ngunu, ning ya mbok bocak ki bisa ngerti bot-repote wong tuwa, tur ya urip sing prasaja. Nek ra duwe, ya tetep seneng; ora njur minder utawa isin. Kaya piwulange santo Paulus dina iki loh mas!
MP  :  Apa, pakdhe?
PP        :           Welah, wis maca bacaane misa durung je? Kuwi loh, ing kasekenganmu, kasantosane Gusti sampurna. Lha yo elok banget ta kuwi yen awake dhewe bisa nampa kasekengan kanthi bungah???

Tidak ada komentar:

Posting Komentar