P Dhuh Gusti, kasunarana umat mawi sunaring katresnan Dalem.
U Supados kawula sadaya saged dados pepadhang tumrap sesami.
P Dhuh Allah, Rama ingkang ambeg welas, kawula ngantu-antu rawuhipun Allah Hyang Putra ingkang manjalma dados manungsa. Karsaa Paduka ngurubaken pengajeng-ajeng kawula ingkang sarwa peteng punika awit saking rawuhipun Putra Dalem, Pepadhanging gesang lan pakaryan kawula.
(Lilin Advèn kasumed)
Kadya urubing lilin ingkang sangsaya padhang, kawula nyuwun, mugi gesang kawula sangsaya kasunarana rawuhipun Sang Kristus. Mugi wonten ing Pepadhang Dalem Sang Kristus, kawula saged mekaraken iman kapitadosan ingkang sangsaya maton lan mantep, langkung-langkung wonten ing taun kapitadosan punika, kawula saged nampi Sang Pepadhang Jati Sang Timur Juru Wilujeng kawula ingkang sumaré ing pamakanan, saha nemokaken kabingahan ing Panjenenganipun.
Dhuh Sang Timur, Putraning Allah ingkang mahaagung, karsaa paring berkah mirunggan dhateng kawula supados langkung grengseng asung pambiyantu murih mekaring Pasamuwan Dalem. Kajangkunga, katuntuna, lan kakiyatna kawula mawi berkah Dalem amrih sadaya pambudidaya kawula punika saged éstu nanggapi punapa ingkang dados karsa Dalem. Awit Panjenengan punika Gusti lan Lantaran kawula, ing salami-laminipun.
U Amin
Tidak ada komentar:
Posting Komentar