Kamis, 29 November 2012

ELING LAN WASPADA

Dina iki, Pakdhe Piter (PP) wes madhep mantep, nyatakake niyat arep sregep menyang greja, sregep cawe-cawe ana ing lingkungan lan ing masarakat. Ora biasane pancen. Mula yo dindengarenke Mas Paul (MP)
MP  :  Weh…tumben, pakdhe menyang greja. Biasane, setaun ra kemput dietung nggo driji??
PP   :  piye to, mas! Ora mangkat disiya-siya, mandang mangkat didengarekake. Bingung aku?
MP  :  Lha iyo, je! Pakdhe! Ora ateges aku ngendhon-endhoni semangate pakdhe loh.
PP   :  Lha aku setaun dina-dina wingi sibuk je, mas! Tur yo jane, rumangsa ra nemokake guna, mangkat nyang greja ki.
MP  :  weleh-weleh…..tapi yo bener koq pakdhe! ra ana gunane!!
PP   :  welah…lha piye to mas?? Koq ngunu???!!!!
MP  :  Coba wae pakdhe! menyang greja yo nyatane isih isa nesu, isa ngamuk, kepara ya tetep wae gawe dosa sing padha.
PP   :  lha yo manusiawi to, Mas??
MP  :  yo nek bab iki, kudune yo ra bisa ditolelir nu!!
PP   :  Maksude piye kwi?
MP  :  Lha khan yen misa ki, awake dewe ditimbali Gusti, ngrungokake sabda Dalem. Tur yo le nyaut we, “Sembah nuwun konjuk ing Gusti” kepara maneh yen injil “Sabda-Mu adalah jalan, kebenaran  dan hidup kami”. Coba bayangke, pakdhe!
PP   :  sik…sik….tak bayangke sik yo??
MP  :  Halah..kesuwen pakdhe! Yen awake dhewe prayata isih gawe dosa, lan ora berubah! Yo ateges, apa sing dakomongke rikala sabda Dalem rampung dirungokake, yo mung lamis bae nu.!
PP   :  Lamis kepriben to mas?
MP  :  Yo lamis: jare sabda Dalem ki dalan, kasunyatan lan urip. Ning?????? Pranyata anggone awake dhewe urip, ora netepi sabda Dalem ki, priye jal? Kwi tegese ngapusi Gusti. Dosane gueedheeee tenan kwi!!
PP   :  Blaiiikk…mas! Wah berarti aku ra tau menyang greja yo dosane gueedhiiiii buanget yo, mas!
MP  :  Tikel sepuluhe nu pakdhe! hahahah…
PP   :  hiks…..aja-aja ra bisa munggah swarga aku ki??
MP  :  Weeee…jangan gitu pakdhe! aja ngasik kentekan pangarep-arep!. Wong urip kuwi kudu tansah duwe pangarep-arep ing swasana apa wae.
PP   :  Lha banjur??
MP  :  Saiki khan awake dhewe mlebu ing taun anyar, tahun B. Dina iki, minggu adven sepisanan to, pas ndilalahe yo suronan uga.! Aja lali, pusakane diresiki….xixixixi…!!!
PP   :  Blaiiikkk….aku ra duwe pusaka, Mas! Pancen aku ra tau aktip menyang greja, nanging aku ra sudiii ndulit babagan kaya mengkono kwi...kharaamm…kanggoku!
MP  :  hahaha….halah tenane, pakdhe!!! ngapusi dosa loh.!!
PP   :  lha mbok goleki kana nek ana!
MP  :  mangkane, pakdhe, dadi wong urip ki, kudu tansah eling lan waspada ana ing situasi lan swasana apa bae, marang apa sing ditindakake, lan akibate ing tembe mburi, ngunu!!
PP   :  nuwun..mas!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar