Kamis, 29 November 2012

WIWIT

Wiwit dilakukan dengan membawa makanan dan sesaji di dalam tampah ke sawah yang sudah siap di panen. Makanan yang tersaji umumnya nasi putih yang dibentuk tumpeng, sayur kluwih, urap atau kluban, pelas utawa sambel gepleng, telur, tempe tahu goreng, rese dan peyek. Sebagai penolak bala, di atas tumpeng diletakkan bawang merah dan cabai yang ditusuk dengan lidi. Wiwit merupakan bentuk rasa terima kasih kepada alam yang telah memberikan hasil panen yang melimpah. dan menghormati Dewi Sri, sang Dewi Padi.
MP  :  Pakdhe, aku kelingan jaman cilik, yen mangsa panen sing dakarep-arep yaiku, sambel gepleng gawenane simbah. Enak banget.
PP   :  lha sesuk kuwi Senin kliwon, nggonaku arep wiwit, mas! Mara bae, nek mung arep ngrasakake sambel geplenge simbah.
MP  :  wiwit panen to, pakdhe?? wah-wah aku mesti teka pakdhe!
PP   :  Ya panen sithik utawa akeh, khan ya salumrahe yen awake dhewe maturnuwun karo sing gawe panenan, to mas!
MP  :  Bener, pakdhe! dadi wong tani ki isane mung ngolah karo njaga tetanduran. Saliyane kuwi mung peparing. Winih bae awake dhewe ora bisa gawe, bisane mung tuku utawa migunakake asil panenan wingi. Lemah ya mung kari ngolah, banyu yo mung kari tuku yen duwe duwit. Kepriye tetanduran kuwi tuwuh dadi subur lan kapan anggone awoh ora bisa awake dhewe dikte, bisane mung diarep-arep winih sing ditandur dadi subur, lan yen subur bisa awoh sing akeh.
PP   :  Mulane aku njaga tradisi wiwit iki, awit ing kono ngemu keyakinan sing jero menggahing atur panuwun marang Gusti lumantar alam ingkang cinawisake marang awake dhewe.
MP  :  Gusti piyambak pakdhe ingkang maringi, sing sethithik dadi akeh, sing akeh dadi turah-turah, sing cilik dadi gedhe, sing kembang dadi woh, sing mentah dadi mateng, sing gapuk dadi isi lan sapiturute. Awake dhewe kari nampa lan manen.
PP   :  Mulane kuwi, mas! Yen nganti awake dhewe kuwi migunakake panenan mung kanggo awake dhewe ateges dadi wong sing ra duwe rasa atur panuwun. Amarga kabeh kuwi Gusti sing makarya, awake dhewe mung ngopeni. Awake dhewe diparingi, mulane ya kudu menehi, supaya sangsaya akeh peparing Dalem Gusti marang awake dhewe.
MP       :           Aku sarujuk pakdhe. Yen Gusti ngersakake panenane kasil akeh, ya bakal diparingi, lan kosokbaline, yen diparingi gagal, ya bakal ditindakake, sakpinter-pintere awake dhewe, bisane mung pasrah lan ngarep-arep, yen tetanduran sing awake dhewe tandur, bisaa ngasilake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar