Dina iki, pakdhé Piter
(PP) karo mas Paul (MP) gawé inthuk-inthuk mèngeti ponakané sing ngancik umur
nem taun. Ndilalahé, ponakané kuwi mlebu SD taun ajaran iki.
PP : Mas, bocah-bocah saiki, umur enem taun koq ya
wis gedhé ya, ra kaya mbiyèn.
MP : Lha yo mesti ae nu pakdhé, khan jaman saiki
gizi terjamin, apa manèh wiwit ing kandhegan wis di”instanisasi” nggo minuman utawa makanan cepat saji, dadiné ya cepet
lé gedhé.
PP : iyo yo, mas! Ning ya muga-muga aé, gedhéné
fisik kuwi diimbangi karo gedhéné mental, karohanen, lan urip sosial. Aja
nganti suwung blung tanpa isi.
MP : Lha kuwi, pakdhé! butuh ragad akèh nu kanggo
ngisi bocah-bocah jaman saiki. Lha apa-apa saiki duwit jé, wiwit lès, kursus,
durung jajanan lan sapituruté. Khan nganggo duwit.
PP : hehehe….émang mas! Masalahé sangertiku awaké
dhéwé iki ora duwé duwit akéh, duwit ya utang kana utang kéné, kanggo nyukupi butuh
padinan. Istilah mentèrèngé : kebutuhan operasional. Durung liya-liyané.
MP : wooo..lha kuwi pakdhé mungkin sebabé, ponakané
dhéwé iki rada aras-arasen lé sekolah. Lha ra ana duwit sangu, piye jal? Bisa-bisa
ketinggalan kanca-kanca liyané nu.
PP : Apa…mungkin butuh guru sing mumpuni kaya mbiyèn,
mas! Wali kelas I sing saiki khan anyar to, mbokmenawa durung pengalaman.
MP : hmm….bisa uga kuwi pakdhé! tapi nèk suasanané
sekolah mendukung dakkira ya bisa mbiyantu bisané sinau koq, pakdhé!
PP : Walah, mas! Jenengé baé bocah saiki, mas!
Ngerti dhéwé ta? Yèn dijak rekasa sithik aé, umpamané nang sawah alesané
warna-warna, ning nèk duwé butuh, lé njaluk ngedrèl, sakdeg saknyek, yèn ra
dituruti…hmm….ngerti dhéwé mas!
MP : Hehehe….ya
awaké dhéwé kudu sabar, pakdhé! Jaman siji karo sijiné béda-béda, nggawa
perkara sing béda uga, ombyaking kahanan ya béda, yèn migunakaké istilahé Yésus,
“Anggur sing anyar kudu disimpen ing impes sing anyar uga, supaya
loro-loroné tetep apik” (Mat 9:17), aja malah mung grundelan
kaya umat Israel (bdk Kel 16:3). Mung siji sing padha ing dina wingi, saiki
karo mbésok yaiku Sang Kristus, Yésus. Kuwi sing dadi kunci cekelané.
PP : Bener mas, kuwi pangarep-arepé! Muga-muga
ponakané dhéwé ndang krasan ana ing sekolah, ora rèwèl, apa manèh nyolah-nyalahké
guruné amarga miturut pangirane ora bisa ngajar, supaya anggoné sekolah ki
kanthi ikhlas kanggo mbangun uripé, mas!
MP : Bisaku ya mung mèlu ndedonga, pakdhé!
muga-muga sangsaya gedhé ponakané dhéwé iki, ya sangsaya ngerti dalan urip sing
kudu dilakoni ing jamané.(JC)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar