Kapitadosan Kristen-katolik marang Allah,
yaiku pitados dhateng Allah ingkang satunggal, Ketuhanan yang maha esa.
Piwucalipun Pasamuwan, Allah punika Hyang Rama, Hyang Putra, tuwin Hyang Roh
Suci. Lajeng kados pundi anggenipun njlentrehaken??
Bab punika ingkang
adamel mas Paul (MP) kalian Pakdhe Piter (PP) kadangkala susah njawab yen
ditakoni kadang sanes kapitadosan.
MP : Pakdhe,
aku wingi rada bingung je, ditakoni tangaku, koq Allahmu telu ta? Ana Allah
Hyang Rama, Hyang Putra, Hyang Roh Suci, yang-yangan, yangmu uga…..pripun
pakdhe?
PP : Padha,
mas! Aku ya tau ditakoni kaya mengkono kuwi, aku yo ra isa njawab je….lha
bingung meh njawab kepriye. Pokoke aku percaya bae marang Allah ngunu.
MP : Walah
pakdhe, dak kira, njenengan sing wis luwih suwe katolik ki ngerti, je? Ternyata
yo padha bae karo aku.
PP : Lha
nek ngrungokake rama le kotbah, njlentrehake babagan kuwi aku ya tetep ae ra
mudheng je.
MP : Nek
padhe ra mudheng, paling ya mergane pikirane sing ngrambyang tekan ngendi-endi
to hayo…..mbuh mikirke nomore le dituku nembus ora utawa mikirke le padu karo
keng garwa. Hahaha….
PP : Ora
yoooo, mas! Aku ki nek rama lagi kotbah, ngrungokake tenan loh, amarga kuwi khn
ajaran sing kudu dadi pangertene awake dhewe gt.
MP : Ya
pancen, pakdhe! arep liwat ngendi maneh yen ora saka kotbahe rama, arep sinau
dhewe ya malah bingung ta?
PP : Bener
mas. Njur piye ya kuwi babagan Allah triniji suci kuwi mau?
MP : Carane
jane gampang pakdhe, ning butuh kesetiaan.
PP : waaaaa…ya
padha ae, mas nek gitu.
MP : Carane
jane yo mung maca kitab suci saka wiwitan nganti pungkasan gitu. Lha mengko
ngerti jlentrehane ngapa koq Allah kuwi sinebut Hyang Triniji Suci.
PP : Wooo…begitu
ya, mas! Lha aku wis meh 25 taun dadi katulik rung tau mbukak kitab suci je,
paling-paling ya ngrungokake yen dina minggu utawa yen sembahyangan
lingkungan…hehe…jadi maluuu aku.
MP : Badalah
pakdhe! pakdhe!! makane….lha njur kepriye kuwi bisane ngerti tenan sapa sing
diimani ana ing urip iki, nu!
PP : Ya
Gusti Allah, mas!
MP : Njur?
PP : Ya
pokoke percaya ngunu ae.
MP : Wuuuuuu……!!!!!
---------------------------------------------------
“Dene gesang langgeng wau inggih punika: mangertos
dhateng Rama ingkang jumeneng Allah sawiji lan sanyata, sarta dhateng Sri Yesus
Kristus, utusan Dalem.” (Yoh 17:3)”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar