Kamis, 29 November 2012

TAMPA KOMUNI

Dina iki, Mas Paul (MP) arep nampa komuni sing sepisanan. Rasa deg-degan lan ra karuan amarga meh nampa Salira Dalem Sang Kristus. Wis wiwit wingi Mas Paul wis pasa, uga wis ngaku dosa supaya bisaa pantes anggone nampa. Semono uga pakdhe Pitter (PP) sing putrane uga nampa komuni I.
MP  :  Pakdhe, roti bunder cilik sing ditampakake nggon komuni kae, rasane kaya ngapa ya?
PP   :  Rasane ya asin yo ora, legi yo ora, pait yo ora, getir yo ora, kecut yo ora ki. Ra ana rasane gitu, mas!
MP  :  Lha koq meh kabeh umat pengin nampa, pakdhe? kepara gelem antri mbaka siji barang, nek rasane ora ana rasane.
PP   :  Wah yo nek kuwi perkarane liya mas!
MP  :  Perkarane liya kepriye ta pakdhe, khan soal nampa komuni gitu loh.
PP   :  Iyooo, tapi khn nek meh kabeh umat nampa komuni ki ya amarga pancen umat sing wis tau nampa komuni sepisanan duwe kewajiban nampa komuni, minimal ing mangsa paskah gitu.
MP  :  nek kuwi aku ngerti pakdhe, wong wingi diuji sik je karo rama, kudu apal 10 perintah Allah karo 5 perintah pasamuwan je.
PP   :  Ya siiipp kuwi mas, kudu apal. Tapi aku malah ra apal je…hehe…
MP  :  Walah pakdhe, ora apaaal??? Ckckckck….
PP   :  khan yang penting lakune, mas! Ngelmu kuwi kelakone kanthi laku gitu..
MP  :  lha nek ngelmune wae ra ngerti, piye le nglakoni nu pakdhe? isa keblinger mbuh loh.
PP   :  Iyo yo, mas! aku kudu ngapalke maneh nu….
MP  :  Kudu pakdhe, nek apal khn njur isa ngrapal gt.
PP   :  hmmmm….
MP  :  oya, pakdhe! nek wajib nampa komuni ki berarti mben melu misa kudu nampa komuni, yo?
PP   :  Ya bukan berarti kudu nampa, mas! Gumantung awake dhewe siap ora anggone nampa. Nek duwe dosa abot, ya ora oleh nampa gitu.
MP  :  Dosa abot ki apa, pakdhe?
PP   :  ya contone: laku zina, pembunuhan, lan aborsi. Utawa yen sajroning misa ki ngrasakke tentrem amarga bubar padu karo bojone utawa wong liya. Utawa maneh, le mangkat misa telat kuwi yo jane ora pantes nampa gt.
MP  :  Weeh, ya akeh ya pakdhe sing kudu dicawiske ana ing urip supaya bisa nampa komuni sing pantes.
PP   :  Ya iyalah, mas! Makane nek kowe wis nampa komuni, uripmu ya kudu dijaga becik gt.
MP       :           Siappp…pakdhe!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar