Kamis, 29 November 2012

PAPANE HYANG ROH SUCI

Sabubaré novéna Hyang Roh Suci, mas Paul (MP) cangkriman karo pakdhé Piter (PP) sinambi ngrahapi suguhan sing dicaosaké sing duwé omah.
MP  :  Pakdhé, Hyang Roh Suci kuwi manggoné ana ing endi, jal?
PP   :  hmm….ya nang endi baé nu, mas! Khan jenengé baé roh, bisa manggon nang nggon sing singup-singup ngunu, mas!
MP  :  walaah…lah….nèk kuwi roh gentayangan, pakdhé! iki Roh Suci loh. Nék panggonan ngunu kuwi, yoo…malah njur da disingkiri, utawa nèk dicedhaki, motivasiné ora golèk kasucian, nanging golèk wisik nomor togèl bèn nembus nu. Hahaha….(ra nyindir loh iki!!)
PP   :  ya nèk ra nggon sing singup, ya pokoké bisa nangdi baé gitu lah, mas!
MP  :  Wuuuu…..mbok ngaku baé ra bisa njawab, pakdhé! bèn katon lé andhap asor gitu.
PP   :  Hehe..iyo, mas. Jané ya kuwi….tapi khan Hyang Roh Suci kuwi, manggon ana ing awaké dhéwé iki to, jané?
MP  :  Betuuul, pakdhé. Lumantar Sakramèn-Sakramèn, utamané, sakramèn kasantosan, awaké dhéwé pinaringan Hyang Roh Suci. Nanging…papané ana ngendi, pakdhé??
PP   :  Halah….iséh ditakoké manèh?
MP  :  Ya iyalah, pakdhé!!! thiiiiitttt….ra ngerti tenan??
PP   :  Thit lah, mas! Aku ra ngerti.
MP  :  papané ana ing pundhak, pakdhé!!!!
PP   :  Lha kog isaaaa??????????
MP  :  coba saiki pakdhé gawé tandha salib…hehehe…
PP   :  iya…ya mas! Papané Hyang Roh Suci ana ing pundhak (bahu) kiwa, yo mas!
MP  :  Ora mung kiwa, pakdhé. Hyang Roh Suci kuwi papané ana ing pundhak kiwa-tengen.
PP   :  weeee…..mosok to, mas?
MP  :  Iyoo…pakdhé…Hyang Rama ana ing bathuk (budi, pikiran), Hyang Putra ana ing dada utawa weteng (hati, pusar, kehidupan, luka-luka Yésus), lan Hyang Roh Suci ana ing pundhak kiwa-tengen (pamomong, pangayoman, panglipur, kekuwatan mikul aboting urip). Banjur ‘amin’ tangan manembah.
PP   :  Ngono, to mas!
MP  :  Iyo pakdhé, kuwi tandha salib sing tenanan. Mulané, Hyang Roh Suci kuwi mapan ana ing pundhak. Lan fungsine pundhak, ngerti ta? (baca bagian kisah: bagian tubuh yang paling penting) Ya kuwi peran Hyang Roh Suci kanggo awaké dhéwé.
PP   :  hmmm…….
-------------------------
ARTI ‘PENTAKOSTA’
Hari raya Pentakosta (bahasa Ibrani: שבועות Shavuot, arti harafiah "Minggu-minggu") adalah sebuah hari raya pengucapan syukur bagi Israel atas hasil panen gandum. Pesta itu dirayakan tujuh Minggu (bahasa Yunani "Pentakosta" berarti: kelimapuluh) setelah hari Paskah. Sebab itu juga dikenal dengan nama Hari raya Tujuh Minggu Ulangan 16:10. Dalam Perjanjian Baru dan oleh orang Kristen, istilah Pentakosta dihubungkan dengan hari turunnya Roh Kudus (Kisah Para Rasul 2:1-11).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar