Pakdhé Piter (PP) rumangsa yèn menggahing
pengetahuan iman pancèn ora ngerti apa-apa. Sing baku kanggo piyambaké, sing
penting tumindak becik ana ing urip marang sapa baé. Mas Paul (MP) sing ngerti
kondisiné pakdhé Piter bisané mung manggut-manggut.
MP : Pakdhé, rama ngendikakaké yèn saiki umat
Katulik sadonya mlebu ing TAUN IMAN, mangsa mirunggan kanggo nemokaké
kabungahan nduwèni kapitadosan ing Sang Kristus.
PP : Bener, mas! Aku ya krungu bab kuwi. Njur
kepriyé ya apiké kanggo ngisi taun kuwi?
MP : Aku ya ra ngerti, pakdhé!
PP : Nanging khan sing baku, awaké dhéwé dadi wong
Katulik iki, lha yo kepriyé anggone ngudi urip sing becik, kabecikan sing diudi
iki dadi tabungan ing samengko dipigunakaké yèn awaké dhéwé kudu nilar donya
kéné ta?
MP : Ya bener pakdhé. Nanging yèn miturut sabda
Dalem Gusti dina iki, rasa-rasané ura cukup loh, yèn mung tumindak becik thok!
PP : weee…tenané mas? Aja gawé was-was aku loh!
MP : coba diteliti sabda Dalem Gusti dina iki,
pakdhé! sing sepisan, apal sadasa
dhawuhing Pangéran lan tindakaké, kaya sing diaturaké déning wong sing sowan
Gusti, nyuwun priksa kepriyé amrih nampa urip langgeng.
PP : Banjur?
MP : ora mung kuwi prayata pakdhé! Kapindho, Gusti ngersakaké ngedol kabèh
barang darbèké, banjur hasilé didanakaké kanggo wong miskin.
PP : aku ya wis nglakoni kuwi kabèh, mas! Lulus nu
aku, “mak bleng” mlebu swarga!
MP : Durung…pakdhe! isih manèh!
PP : Walah, lha apa, mas!
MP : Sawuse ngedol karo ndanakake hasile, banjur
sing katelu, bali lan ndhèrèk Gusti
Yésus.
PP : Weee…lha kuwi barang ta? Tapi apa maksudé bali
lan ndhèrèk Gusti Yésus?
MP : nèk miturut pamikiranku, tegesé bali kuwi
tansah nduwèni semangat pamartobat, sangsaya cinaketan kaliyan Gusti lumantar
gentur anggoné sembahyang lan ngudi urip sing sangsaya ngèmperi Gusti piyambak.
PP : Lha tegesé banjur ndhèrèk Gusti?
MP : Tegesé ya nglakoni apa sing ditindakaké Gusti
Yésus lan sing dipangandikakaké.
PP : Wah…ra mudeng aku mas!
MP : umpamané yaaaa, sregep banget
tumindak becik ning ra tau sregep sembahyang, bolong-bolong lé tindak greja
saben minggu, lan wis rumangsa cukup menggahing wawasan iman, saéngga wegah
melu yèn ana saraséhan utawa pasinaon-pasinaon bab iman; utawa latian kor,
latian misdinar, latian nata alat misa lan liya-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar