Kamis, 29 November 2012

PEKERJAAN VS PELAYANAN

Ing jaman saiki, wis sangsaya ora payu sing jenenge “ngladeni” amarga sing jenenge ngladeni kuwi anane mung kesel lan rugi; ora ngolehake duwit lan kauntungan. Semono uga sing dirasakake pakdhe Piter ana ing uripe. Mas Paul dhewe uga wis bacut sibuk nyambut gawe golek duwit saengga sing dideleng saka ing mripate kabeh katon duwit.
MP  :  Pakdhé, apa sing ditindakake Gusti Yesus ki apa tenanan ya, “Putraning Manungsa rawuhe ya ora mundhut diladeni, balik arep ngladeni lan ngurbanake sugenge amrih slamete wong kabeh.”
PP   :  Ya tenanan, to mas! Mosok ngapusi. Yen wong katulik kabeh ki duwe semangat ngunu kuwi, ndah po endahe gitu…..ing brayat bisa katon semangat ngladeni siji marang sijine lan kanthi bungah wani ngurbanake uripe kanggo kabegjaning brayat. Neng lingkungan uga mengkono, neng wilayah lan paroki sarta ing masyarakat uga mengkono….ckckck…elooook tenan pokoke.
MP  :  ya cita-cita pakdhe! tantangane saiki khan “time is money” wektu kuwi duit. Dadi akeh wong sing ananeeee mung golek duit lan duit lan duit.
PP   :  lha yo rapapa, mas! Wong ya saiki yen ora duwe duit ya pancen mumet tenan koq. Piye jal?
MP  :  Ya bener, pakdhe! duit ki penting banget kanggo golek sarananing urip. Ning ya mosok banjur ninggal apa sing luwih pokok sing dadi karsa Dalem Gusti.
PP   :  lha ya pancen susah koq mas, nek saben dina mung ngladeni wong liya, ora ana duite ya kepriye. Apa ya banjur kacukupan butuhe dhewe? Lha yo ora to? Dadi ya lumrah nu yen aras-arasen nindhakake sing jenenge leladen, labuh labet, melayani.
MP  :  hmmm….aahhh no comment ae aku nek wis ngunu kuwi. Sensitip pakdhe! nanging yen awake dhewe banjur dadi aras-arasen melayani; kuwi pratandha yen awake dhewe ora duwe keyakinan mungguh ing Gusti ingkang kuwasa peparing kacekapan nu.
PP   :  bener banget kandhamu mas! Tapi donyane ki le meksa awake dhewe luwih kuat tinimbang Gusti gitu. Coba, awake dhewe khan luwih ayem ta yen nyekel duit tinimbang nyekel Gusti. Lha wong Gusti ki ra isa dicekeli je. Hehe….
MP  :  wah-wah……ateis! Ateis! Jiiannn…yen ngunu kuwi pakdhe ki ateis praktis, duwe agama ning nyatane sing marai tentrem duit. Ckckck..
PP   :  ya ora mengkono, mas! Khan aku mung ngomongke realitas gitu, apa sing sanyatane kelakon ana ing urip gitu loh.
MP  :  Hehehe…tapi yen nglelimbang apa sing ditindakakake Gusti. Pancen abot, ananging uga mendharake apa sing sejatine kudu awake dhewe gayuh. Yaiku, sejatine karahayon, sejatine katentreman, sejatine urip ayem kuwi amarga awake dhewe tansah ngudi lelabuh lan ngurbanake diri ana ing urip, mbuh kuwi urip bebrayatan, urip ing pasamuwan, apa urip ing tengahing masyarakat.
PP   :  Ya pancen mas. Mulane Gusti Yesus ngendika, pangarep sing sejati kuwi, sing akeh labuh labete lan anggone ngurbanake diri kanggo wong kabeh.
MP       :           kira-kira, awake dhewe sing endi pakdhe?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar