Kamis, 29 November 2012

APA SING KUDU DAKLAKONI MURIH NAMPA URIP LANGGENG?

Pakdhé Piter (PP) rumangsa yèn menggahing pengetahuan iman pancèn ora ngerti apa-apa. Sing baku kanggo piyambaké, sing penting tumindak becik ana ing urip marang sapa baé. Mas Paul (MP) sing ngerti kondisiné pakdhé Piter bisané mung manggut-manggut.
MP  :  Pakdhé, rama ngendikakaké yèn saiki umat Katulik sadonya mlebu ing TAUN IMAN, mangsa mirunggan kanggo nemokaké kabungahan nduwèni kapitadosan ing Sang Kristus.
PP   :  Bener, mas! Aku ya krungu bab kuwi. Njur kepriyé ya apiké kanggo ngisi taun kuwi?
MP  :  Aku ya ra ngerti, pakdhé!
PP   :  Nanging khan sing baku, awaké dhéwé dadi wong Katulik iki, lha yo kepriyé anggone ngudi urip sing becik, kabecikan sing diudi iki dadi tabungan ing samengko dipigunakaké yèn awaké dhéwé kudu nilar donya kéné ta?
MP  :  Ya bener pakdhé. Nanging yèn miturut sabda Dalem Gusti dina iki, rasa-rasané ura cukup loh, yèn mung tumindak becik thok!
PP   :  weee…tenané mas? Aja gawé was-was aku loh!
MP  :  coba diteliti sabda Dalem Gusti dina iki, pakdhé! sing sepisan, apal sadasa dhawuhing Pangéran lan tindakaké, kaya sing diaturaké déning wong sing sowan Gusti, nyuwun priksa kepriyé pikantuk urip langgeng.
PP   :  Banjur?
MP  :  ora mung kuwi prayata pakdhé! Kapindho, Gusti ngersakaké ngedol kabèh barang darbèké, banjur hasilé didanakaké kanggo wong miskin.
PP   :  aku ya wis nglakoni kuwi kabèh, mas! Lulus nu aku, “mak bleng” mlebu swarga!
MP  :  Durung…pakdhe! isih manèh!
PP   :  Walah, lha apa, mas!
MP  :  Sawuse ngedol karo ndanakake hasile, banjur sing katelu, bali lan ndhèrèk Gusti Yésus.
PP   :  Weee…lha kuwi barang ta? Tapi apa maksudé bali lan ndhèrèk Gusti Yésus?
MP  :  nèk miturut pamikiranku, tegesé bali kuwi tansah nduwèni semangat pamartobat, sangsaya cinaketan kaliyan Gusti lumantar gentur anggoné sembahyang lan ngudi urip sing sangsaya ngèmperi Gusti piyambak.
PP   :  Lha tegesé banjur ndhèrèk Gusti?
MP  :  Tegesé ya nglakoni apa sing ditindakaké Gusti Yésus lan sing dipangandikakaké.
PP   :  Wah…ra mudeng aku mas!
MP  :  umpamané yaaaa, sregep banget tumindak becik ning ra tau sregep sembahyang, bolong-bolong lé tindak greja saben minggu, lan wis rumangsa cukup menggahing wawasan iman, saéngga wegah melu yèn ana saraséhan utawa pasinaon-pasinaon bab iman; utawa latian kor, latian misdinar, latian nata alat misa lan liya-liyané.
PP   :  hmmm…..nyindir aku to, mas! Dak akoni, pancèn aku ra sregep misa. Apa manèh saiki misané harian ésuk, arep tangi ki mripaté abuuuut banget jé.
MP  :  aku mung ngandhakake sabda Dalem Gusti, loh pakdhé, ora arep nyindir koq.
PP   :  hmmmmm……

Tidak ada komentar:

Posting Komentar