Kamis, 29 November 2012

AKU DATANG UNTUK BEKERJA BUKAN MELAYANI

Suburing Pasamuwan kuwi gumantung rabuk ing pangabdi lan pangurbanan kang tansah diesokaké kanggo nglabuhi katresnané marang Sang Kristus. Bab iki sing dadi panglimbangé Pakdhe Piter (PP) karo Mas Paul (MP) rikalané nemoni kahanan yèn akèh umat sing mbangun kelompok PJÉ alias paguyuban jaya éndha.
MP  :  Pakdhé, semangaté umat saiki jiiiann élok banget ya anggoné nyambut gawé; paribasan ésuk awan soré bengi tanpa kendhat ora lèrèn babar blas.
PP   :  Lha ya mesti baé to mas. Yèn ora nyambut gawé dhapuré ra ngebul alias ora bisa mangan.
MP  :  Nanging saking éloké, sing dadi kekuatiranku, anggoné tandang gawé ana ing gréja ya nganggo semangat sing padha é?
PP   :  Maksudé apa mas?
MP  :  Lha yèn anggoné cawé-cawé ana ing gréja kanthi semangat nyambut gawé, aku kuatir, gréja ora bisa nggaji ?
PP   :  Walah, mosok ya umat kaya mengkono kuwi, mas! Gréja khan dudu perusahaan; gréja kuwi paguyuban murid-murid Dalem Sang Kristus, mas!
MP  :  Ya aku ngerti kuwi, pakdhé! Mulané khan kudu dibedakaké gitu, semangaté tandang gawé ana ing greja. Aja nganti semangaté kléru.
PP   :  Lha bédané apa to mas, nyambut gawé dadi guru, dadi tani, na kantor lan liya-liyané, karo tandang gawé ana ing gréja?
MP  :  Ngéné yo, pakdhé! semangat sing bener, sing jenengé pakaryan pangabdi kanggo mbangun salira Dalem Sang Kristus utawa Pasamuwan: sepisan, sasibuk-sibuké wong, isih tetep cawé-cawé ing pasamuwan; kapindho, ora golèk alem utawa rejeki jasmani utawa upah duwit; katelu, ora ngresula apa manèh mutung rikala dikritik utawa ora ana sing ngalem; kapapat, ora mikir kamulyané dhéwé utawa suksès ananging supaya ngemungaké Gusti sing diluhuraké lan supaya sangsaya setya.
PP   :  Lha njur sing arep ngopèni supaya dhapuré ngomah tetep kemebul, sapa mas?
MP  :  wédéw…..émang ra pracaya marang Gusti sing kuwasa, po pakdhé?
PP   :  yaaa pracaya banget, mas! Tapi khan masalah dhapur kemebul apa ora, khan ya masalah sing konkrit. Lha yèn wektuku enthèk kanggo gréja, kapan lé aku nyambut gawé golèk sandhang pangan??
MP  :  hehehe…halah, pakdhé! kaya-kaya mikiré ki sedina-dinané urip na nggréja. Khan ya pangabdi kanggo gréja ya ora saben dina ta? Mung wektu-wektu mirunggan; wektu sing sithik banget jané sing dadi carane dhéwé ngaturake panuwun marang Gusti, ta?
PP   :  wah, yo ora to mas!!! Apa manèh, kudu rapat doh kana doh kéné, awang-awangen, mas!
MP  :  halah..pakdhé!! coba nèk nggo nonton tivi, jenak men pirang-pirang jam, utawa nggo keplèk?? Hmmm… tur ya doh kana doh kéné kuwi ra sepiraa mas, tinimbang adohé awaké dhéwé mbésuk yèn pinuju swarga. Sanguné kudu uakèèèhh buanget.
PP        :           hmmm…….???!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar