Pakdhe Piter (PP) rada mangkel karo anake
ragil sing dikandhani ora nggugu, malah kepara wani wangsulan. Yach…anak-anak
jaman saiki, bektine marang wong tuwa sangsaya luntur. Mas Paul nyoba
ngerih-erih.
MP : Sabar….sabar,
pakdhe! jamane wis beda karo jaman awak dhewe mbiyen. Saiki jaman modern, serba
duwit. Yen ra ana duwite, ya ra mlaku. Coba anakmu kuwi diiming-imingi duwit,
lha mesti manut. Hehe..
PP : Lha
piye to, mas! Dakkandhani yen tangi ki sing esuk ben ra kesusu le persiapan
sekolah..ee malah ngebluk terus, yen dolan tekan mbengi.
MP : jenenge
bae anak-anak, pakdhe!
PP : anak-anak
piye? Lha wis gedhe tuwa ngunu koq mas, mas! Yen tak jaluki tulung mbantu iki,
mbantu iku, anane mung alesan bae. Pinter yen golek alesan nggo nutupi le
wegah.
MP : yaaaa…jenenge
bae anak-anak, pakdhe! sabaaar…!!
PP : lha
sabar piye, to mas! Lha yen ngunu kuwi terus meh dadi apa?
MP : ya
dadi bocah, pakdhe!
PP : lha
ya kudune ki sinau bekti marang wong tuwa; mujudake kautaman-kautaman srana
cawe-cawe ana ing brayat. Lha ya ngunu to mas kudune.
MP : Yaaa…jenenge
wae anak-anak, pakdhe!
PP : Lha
kapan diwasane, mas! Kon dadi pengurus lingkungan, wegah; dipercaya dadi
pengurus wilayah, malah ngancam pindah agama; koq dadi pengurus paroki; malah
mencak-mencak ngejak sulaya. Kepriben jal, yen mengkono kuwi.
MP : yaaa…jenenge
bae anak-anak, pakdhe!!
PP : apa
ya kaya mengkono kuwi ?? anak koq ra ngerti rekasane wong tuwa, kon mbantu
sithik-sithik bae ora gelem. Coba bayangke mas, yen jenengan sing dadi aku!
MP : sabaaarrr..pakdhe!
jenenge bae anak-anak! Ya piye maneh!
PP : lha
ya, anak-anak, ananging lha ya kudu mangerti yen dadi warganing brayat lha ya
cawe-cawe mbantu wong tuwane, supaya kulawarga ki bisa dadi apik, lakune ya
kepenak amarga ya wong-tuwa lan anak-anak padha nyambut gawe bareng golek
pangupa jiwa-raga.
MP : sepisan
maneh, pakdhe! jenenge bae anak-anak!
PP : aku
bisa mbayangke, ngapa Gusti Yesus dina iki, paring sabda sing bisa marasake
wong budeg bisa ngrungu, wong bisa bisa celathu. Mbok menawa, amarga Gusti
pirsa yen akeh wong-wong sing mbudegake kupinge lan atine; mbisukake tutuke;
sengaja gawe wuta mripate marang kahananing brayat.
MP : hmmm…..pakdhe
ki nyindir bab pilihan pengurus ta??
PP : ora
yo mas! Aku ki ngrasani kulawargaku dhewe iki loh.
MP : ooooo…..dak kira…..???!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar