Kamis, 29 November 2012

LAKU SEDHENG

Wis pirang-pirang dina, pakdhé Piter (PP) karo mas Paul (MP) bali menyang tanah wutahé awit sedulur lanang sing wis omah-omah suwé lagi antuk masalah: loro-loroné padha tumindak sing ora bener menggahing urip bebrayatan katulik.
MP  :  Pakdhé, lha yo koq isa mengkono ta ya, duluré dhéwé ki? Wis omah-omah pirang-pirang taun, koq ya kasetyané iséh da diragukan.
PP   :  Aku ya ra ngerti, mas! mas! Wis ra kurang-kurang anggonku ngandhani wiwit mbiyèn kepriyé anggoné urip cara katulik ing brayat.
MP  :  Apa ya jamané saiki pancèn ngunu kuwi ya pakdhé? urip bebrayatan wis kagerus dening sipat-sipat kang mung kanggo golèk kepenaké dhewe. Yèn dirasa wis ra pénak banjur golèk nang papan liya.
PP   :  Ya jané, gumantung pribadi-pribadiné mas! Yèn wong duwé iman sing kandel, keyakinan sing kuat yèn urip bebrayatan kuwi timbalan Dalem Gusti, ya anané mung nindakaké apa sing dadi karsa Dalem Gusti, dudu nglakoni urip sakarepé dhéwé. lha wong loro kuwi ya da déné égois jé.
MP  :  Lha karsa Dalem Gusti kuwi sing endi, pakdhé! khan ya kabèh perkara bisa dimaknai karsa Dalem Gusti, umpamané kaya seduluré dhéwé kuwi, mbok menawa lé ngayati laku sèdhèng kuwi ya kaya-kaya kersa Dalem Gusti.
PP   :  Blaiiikk…nèk ngunu kuwi lé mikir ya kudu ndang digawa nang RS.Grasia, Pakem. Karsa Dalem Gusti ya apa sing dingendikakaké Gusti ana ing kitab suci nu yooo..
MP  :  hehehe….lha nyatané: dak kira ya ora mung seduluré dhéwé, akèh sing dak prangguli ing wewengkoné dhéwé iki, laku sèdhèng ana ngendi-endi, ya sing urip bebrayatan, ya sing ditinggal lunga pasangané, lan liya-liyané. Coba mbiyèn kaé, data kabupaten GunungKidul: pasangan-pasangan da pegat watara 600 pasang setaun, salah sijiné sebab, amarga salah siji utawa loro-loroné laku sèdhèng.
PP   :  hmm……ya mbokmenawa kuwi dosa asal, mas! Hehehe, wong jawa khan terkenal mo-limo-né ta?
MP  :  tapi khan awaké dhéwé ki wis dadi wong sing beragama. Duwé iman sing dadi dhasaring urip.
PP   :  lha mbuh, mas! Nèk métani perkara iki, anané mung ngelus dhadha. Akèh sebab musababé, bisa amarga ékonomi, bisa amarga bosen, bisa amarga “rumput di luar pagar tampak lebih hijau” bisa amarga guyonan dadi tenanan, kepara uga amarga sms utawa tilpun-tilpunan sing tanpa winates unggah-ungguh lan moral kasusilan, ya tumibané ing laku sèdhèng.
MP  :  Wédéw….pakdhé! lha yo mengerikan nu urip bebrayatan jaman saiki. Untungg….untung… aku ra nikah!!
PP   :  mulané mas, jaman sangsaya modern perlu diimbangi maneka warna kapribadèn sing sangsaya jero adhedhasar iman dhumateng Gusti. Yèn ora mengkono, uripé ya mung éla-élu karo ombyaking jaman sing kaya mengkéné iki.
MP       :           iya pakdhé, prinsipé Gusti Yésus tetep padha: apa kang wus katunggalaké dening Allah, manungsa aja-pisan-pisan misahaké; awit sing sapa megat sisihané lan omah-omah karo wanita liya, iku kaluputan laku sèdhèng; lan wanita sing ninggal sisihanè lan omah-omah karo priya liya, iku tetep laku sèdhèng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar