Mas Paul (MP) dina kuwi rumangsa mongkoq banget melu misa paskahan, amarga sing
rawuh. Semono uga pakdhe Piter (PP).
MP : Wilujeng paskah, pakdhe?
pripun le misa pekan suci kemput mboten? Wiwit minggu palem tekan riaya paskah?
PP : Ya kemput to, mas! Wong
setaun pisan gt loh: aku misa minggu palem, kemis putih, jemuah adi lan malem
paskah, gt.
MP : Wee…lha kuwi durung kemput
puput, pakdhe! nek kemput kabeh ki tekan riaya paskah, wungu dalem Sang
Kristus. Nek ngunu kuwi berarti rung wungu.
PP : welah…apa iyo to mas! Khan
Gusti Yesus ya tetep bae wungu to.
MP : Yo bener nek kuwi, tapi
sing ngriayakke sing ora wungu, pakdhe! coba didelok bae, bar paskahan lha
padha bae uripe. Hehe
PP : Wah-wah…nyindir-nyindir
nek kuwi. Aku wes duwe niat cancut guregut koq mas, kaya pasamuwan sepisanan
gitu.
MP : Weh…emang ngerti pasamuwan
sepisanan mbiyen kepriye?
PP : Lha nggon waosan sepisan
dina iki khan ngrembug bab kuwi, mas! Ciri khas e pasamuwan sing sejati.
MP : Bener, pakdhe, antarane: sing
padha ngandhel kuwi padha saati lan sajiwa, ndahpo endahe yo pakdhe nek isa
ngunu kuwi.
PP : Wah mesti wong-wong sing
precaya marang Gusti sing wungu, sangsaya nresnani Gusti lan pasamuwan nu, nek
padha saati lan sajiwa.
MP : woh e, yaiku ora ana sing
nganggep barang darbeke iku melike dhewe; tatag karo teguh anggone paring
paseksen bab wungu Dalem, lan kaluberan sihing Allah.
PP : Ckckckck….lha elok banget
to, mas! Coba jal nek ngunu kuwi…pasamuwane dhewe saiki?
MP : apa bisa duwe
semangat kaya ngunu: saati lan sajiwa??
Tidak ada komentar:
Posting Komentar