Ngancik mangsa prapaskah mas Paul (MP) wis ancang-ancang mèh netepi
pasa lan sesirik sing didhawuhaké Pasamuwan suci. Semono uga pakdhé Piter (PP).
MP : pakdhé, suk Rebo wis rebo
awu, aja lali nampa awu kanggo tandha pamartobat ingarsaning Allah. Yèn lali
bisa-bisa Gusti ora ngluwari saka paukumaning dosa, loh! Mangsa prapaskah uga
dadi mangsa kanggo pasa lan sesirik supaya sangsaya bisa ngener Panjenengané.
PP : Betul...betul, mas! Aku ya
wis siap-siap pasa sesirik dina Rebo sesuk, njur nampa awu, uga pantang saben Jemuwah
lan pasa ing Jemuwah agung.
MP : Padhaaa, pakdhé! Aku yo mèh
netepi pranatan kuwi jé. Nèk isa ya mèh daktambahi ora mung dina-dina kuwi, ngiras-ngirus
sinau laku prihatin kaya wong-wong mbiyèn, bèn sekti...hahaha...
PP : halah...nèk motipasiné
kuwi, klèru mas! Awaké dhéwé pasa sesirik supaya bisa sangsaya agawé kabecikan
marang liyan, uga kanggo naliti batin, apa wis nindakaké karsa Dalem Gusti, apa
mung nuruti karepé dhéwé thok, ana ing urip sing wis dilakoni, ngunu!!
MP : weee...ngunu yo pakdhé!
maap-maap! Aku pasané, mèh maem pisan thok aé pakdhé! njur pantang udud..hehe..
PP : Tenané, mas! Aja-aja
mengko mung obor-obor blarak, awal-awalé semangat netepi, njur pertengahan
tekan pungkasan bolong-bolong....hmmm....
MP : weehh...nèk mangsa iki aku
péngin tenanan, pakdhé! péngin mujudaké “dadi wong katulik sejati” hehe...kaya
téma APP taun iki.
PP : Yo siiipppp nèk kuwi, aku
yo sarujuk, mas! Sangsaya tenanan lé pasa-sesirik, sangsaya bisa gawé kabecikan
marang liyan, mas! Uga sangsaya nyata yèn awaké dhéwé martobat tenanan.
MP : lha koq isa, pakdhé??
PP : ya iyalah, mas! Ngéné loh,
nèk kowé pasa mung mangan sepisan thok, sedina (24jam), berarti jatahmu mangan
liyané mlebu kotak app, mas!
MP : wooo....ngunu to tegesé ana
kotak APP ki? Berarti “jatahku” sing saben dina daknikmati, lan dakurangi ing
pasa-sesirik, daksisihaké kanggo wong liya, ngunu?
PP : Yupiiii...mas! artiné, yèn
saben dina jatahmu mangan sepisan kuwi diétung baé Rp 5.000, berarti suk Rebo
awu, kudu nglebokaké jatah duwit mangan nang kotak APP= 2xmangan x Rp 5.000,
yaiku Rp 10.000 pluunnggg.....mlebu kotak APP. Semono uga pasa liyané.
MP : woooo,....begitu, lha yèn
pantang?
PP : pantang yo padha baé. Mau
khan pantangmu udud to? Kowe sedina (24jam) entèk rokok pirang batang?
MP : 10 lencer, pakdhé.
PP : berarti, yèn 10 lencer, ya
dikira-kira baé, salenceré regané Rp 700. Berarti pas pantang, nglebokaké jatah
udud kuwi awujud duit nang kotak APP = 10 lencer x Rp 700 = Rp 7.000,.. plluuunnngg....!!!
MP : apa ya kudu dina kuwi lé
nyemplungaké?
PP : paling apik dina kuwi uga,
mas! Lan aja nganti dijupuk manèh duwité sing wis dijemplungké. Yèn nganti dijupuk
kuwi tegesé KORUPSI, semono uga yèn lé nyemplungké duwit nang kotak APP ngancik
mèh dikumpulaké..kuwi yo KORUPSI. Apa manèh nganti njur ora dipisungsungaké
nang Pasamuwan..kuwi yo KORUPSI. Korupsi sing ora baen-baen..ngorupsi bandané
Gusti Yésus... dosané gedhiiii buanget! Uripmu bisa-bisa ora binerkahan, mas.
MP : wah-wah...maturnuwun
banget pakdhé! Pangertèn iki dakéling-éling terus, supaya mangsa prapaskah iki
aja nganti dadi supata kanggo uripku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar