Dina
iki, mas Paul (MP) kèlingan jamané mbiyèn arep mlebu seminari. Kabèh kelakoné
tanpa pétung lan rencana, ora kanyana-nyana, yèn dalaning urip manungsa kuwi
pancèn dudu mung rancangané dhéwé, nanging uga rancanganing Allah.
MP : Pakdhé, yèn dak pikir-pikir uripku saiki, lan
ngelingi gèk jaman mbiyèn, pancèné ora kabèh kuwi laras karo karepku dhéwé.
PP : Maksudé, apa to, mas?
MP : Ya uripku iki, pranyata apa sing dadi
idham-idhamanku mbiyèn jaman cilik, ki béda karo kanyataané aku saiki, apa
maneh yen ngèlingi, mbiyen ki aku dadi bocah ya “ora ndalan”, sarwa èlèk luwih-luwih
bab bekti marang wong tua: uripé ‘dadi lampu nanging ora dadi pepadhang’.
PP : Welah….apa kuwi tegesé?
MP : Yo dadi lampu: madhangi-sing-turu, ora gelem nyambut gawe utawa rekasa, mung mburu
karepé dhéwé, kasenengané dhéwé.
PP : badalah….berarti kowe kuwi mbiyèn-mbiyèné ora
ana bibit dadi wong apik, ngunu to mas?
MP : yo bisa dibilang gitu, pakdhé! hehehe… nanging
khan saiki yo mendinglah…
PP : Yo pancen koq mas, jenengé urip yèn mung nurut
sasenengé dhéwé, apa manèh mung mburu kanikmatan, tundhoné yo ora dadi wong
sing apik lan becik. Padhala kabegjaning urip sing sampurna kuwi, yen wong bisa
nampa kabèh kabungahan lan kasusahan kanthi setya salaras dhawuh Dalem Gusti.
MP : Bener banget, pakdhé! pancèn sing nyenengké
karo sing nyusahaké kuwi sing marakaké awaké dhéwé bisa sinau, sinau urip
supaya sangsaya sampurna. Kuwi tujuané Allah nitahaké awaké dhéwé, ora
sampurna.
PP : Lha yèn uripé bisa ngunu kuwi, tegese awaké
dhéwé wis tepung/ wanuh karo Sang Kristus.
MP : Yupiiii…pakdhé! betul banget kuwi: nampa
kasusahan kaya déné rikala nampa kabungahan kuwi sing dadi timbalané awaké dhéwé
kabèh, awit pracaya Gusti kang mahatresna. Kuwi sing jenengé katresnan, kuwi
sing jenengé kasucian.
PP : Yo kuwi, kuduné sing mboksinau terus, mumpung
iséh enom; dadi suk yén duwé bojo ki, pancèn wis siap urip bebrayatan kaya sing
diprajanjèkaké ana ing janji nikah, setya urip bebarengan ing wektu susah lan
bungah, sakit lan sehat; begja lan cilaka.
MP : iyo yo, pakdhé! lali je: katresnan kuwi
langgeng, kasih itu setia.
---------------------------
Suatu
kali seseorang bertanya kepada Ibu Teresa, "Ibu telah melayani kaum
miskin di Kalkuta, India. Tetapi, tahukah Ibu, bahwa masih ada jauh lebih
banyak lagi orang miskin yang terabaikan? Apakah Ibu tidak merasa gagal?"
Ibu Teresa menjawab, "Anakku,
aku tidak dipanggil untuk berhasil, tetapi aku dipanggil untuk setia ...."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar