Dina iku, Mas Paul (MP) lagi ngrumpi karo
Pakdhe Piter (PP), amarga tanggane sing paling ayu dewe, duwe gawean sing
murang susila.
MP : iyo yo pakdhe, yo! Wis rupane ayu, awake yo
mbody kaya gitar, sikape kalem, anteng; ning koq nang mburi tumindake kaya
mengkono.
PP : sapa to, mas?
MP :
halah…kuwi loh, pakdhe, tanggane dhewe: jeng Maria Magdalena.
PP : Woo…..kuwi to, sing nyok kerep lunga karo wong
lanang, sing dudu bojone kuwi to?
MP : bener, pakdhe! piye jal?
PP : wah, nek kuwi aku ra melu-melu mas! Aku we meh
kena je!!
MP : Weh, meh kena piye, pakdhe?
PP : yo pokoke…rahasia! Hahaha…
MP : huayoo…..koq nggo rahasia-rahasia
barang…ati-ati loh pakdhe!
PP : ora, mas! Aku ki yo meh kegodha jeng Maria
Magdelana kuwi je. Lah nek es-em-es ki sajak ngepenakake je. Hehehe...
MP : ngepenakake piye pakdhe?
PP : yo, nek sms ki ndridil, suwi banget apa maneh
nek telepon, wah wah…ra nguwati.
MP : blaiik….ra nguwati apane?
PP : yo, suwarane ki alus, penak dirungokake, sajak
manja-manja sithik gt.
MP : hahaha…..halah khan suwara nang telepon ki isa
digawe, pakdhe!
PP : tur yo sing diomongke ki maneka warna, uga ora
keri, sing saru-saru…..tundhone..??? tau sendirilah, mas!
MP : apa pakdhe? njur ngajak ketemu gt??
PP : yach….begitulah mas!
MP : wah-wah, donyane wes tuwa, ra duwe moral kuwi
nek gitu.
PP : Maksude?
MP : lha iyo to pakdhe, mosok badane awake dhewe
iki mung nggo nggayuh prakara ngisor wudel;
PP : wah ra mudheng aku, mas! Ra nyandhak!
MP : ngene loh pakdhe, sing dadi kanugrahane Gusti
kanggo awake dhewe, manungsa ki: budi kang ana ing sirah. Lha nek prakara
ngisor wudhel ki kabeh kewan uga duwe. Mulane sing kudu dituruti kuwi budine
awake dhewe dudu, pepenginane sing ngisor kuwi mau.
PP : hmm….maksude ki berarti, manungsa kuwi kudu
mangerti yen badan iki gegelitane Sang Kristus, to? Kaya waosan II dina iki?
MP : betullll…pakdhe! budi, kanugrahane Gusti kuwi,
dipigunakake kanggo sangsaya mangerti bab kuwi.
PP : oooooo…..!!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar