Kamis, 29 November 2012

PERSEMBAHAN

Wiwitaning taun anyar iki, Mas Paul (MP) mikir-mikir keuangan bulanan, supaya kabeh bisa kelakon saapik-apike. Pakdhe Piter (PP) sing seka sawah, mampir ana ing omahe.
MP  :  Weh, mangga Pakdhe, katuran pinarak?
PP   :  iyo, mas! Ki mau bar matun je, suket e wis dhuwur-dhuwur kabeh.
MP  :  Lha yo pancen kudu mengkono, pakdhe! yen ra dicabuti, mengko marakake panenane ra optimal asile.
PP   :  Bener, mas! Semono uga ing wiwitaning taun anyar iki, awake dhewe uga perlu nyabuti suket-suket ing uripe dhewe.
MP  :  Siiip…siiip, pakdhe! mulane iki aku lagi etung-etungan kanggo taun iki, supaya kabeh bisa kelakon saapik-apike.
PP   :  Weh…lha apik kuwi, mas! Aja nganti, paringane Gusti, mung kanggo nyuburake kasenengane dhewe, lali ngaturake panuwun karo Gusti.
MP  :  Yoiii, pakdhe! ki etunganku pakdhe:
          rokok LA : 10.200 x 30= 306.000; mangan: 15.000 x 30= 450.000; kebersihan : sabun, odol= 55.100; jimpitan Rt : 500 x 30= 15.000;
          arisan : Rp 10.000; kondangan: 200.000; Total: 1.306.000.
PP   :  Wahhh, lha koq akeh men…kleru ra kwi, mas? Mosos sesasi entek semono? Duwit saka ngendi?
MP  :  Weh, lha mbuh yo, pakdhe? lha pametune wae mbuh ngasik semono ra? Durung butuh-butuh dadakan liyane? Biaya sekolah?? Pusing pakdhe nek dietung-etung!!!
PP   :  hahaha….durung maneh yen ditambahi persembahan nggo greja?? Mesti langsung stroke, eh stresss!!!
MP  :  Weeee……!!!! Jangan salah, pakdhe! nek kanggo greja, kuwi wes ana dhewe! Wis dakdhewekke, ra dakcampur-campur karo kabutuhan kadonyan.
PP   :  Badalah, ngunu to, mas! Lha nek aku ki yo mung turahane butuhku je.
MP  :  Nek aku ra ngunu, pakdhe! mosok kanggo Gusti, mung turahane dhewe…nek kanggo pitik utawa kucing, yo wangun kuwi…turahane dhewe…hehe,..
PP   :  iyo yo, mas! Lha koq ra kandha ket mbiyen-mbiyen to? Berarti aku iki, mitik-mitikke Gusti nu…..wedeww…!!!
MP  :  jenenge wae persembahan, pakdhe! sembah ditambahi per, diakhiri an. Persembahan kuwi mratandakake sepira gedhene anggone awake dhewe nyembah Gusti nu yo. Tapi kuwi miturut aku loh. Wong khan beda-beda.
PP        :           hehe…..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar