TOBAT!!!TOBAT!!!TOBAT!!!!
Sawijining dina, pakdhe Piter (PP) mung turu bae
nang kamar amarga lara untu. Mas Paul (MP) sing biasane jagongan, banjur niliki
ana omahe.
MP : Weh, pakdhe! Koq ngamar
bae, ngapa t?
PP : ugh.....t0baat..mas!!
tobatt..!!! jiiiaaannn lara banget ki, lara untu.!!
MP : Walah...mbok dicabut bae
to pakdhe!
PP : wedi je! Biasane yo ra
lara kaya ngene iki koq.
MP : khan biasane, pakdhe!
Nek pancen wektune lara, ya mesti bakal lara banget. Mesti ra dirawat to,
untune?
PP : iyooo je, mas!!! Pokoke
mung mangan ngombe telap-telep, ra tau dakpikir bab untu je.
MP : yo kuwi, pakdhe!! Mulane
urip ki dijaga, aja mung ngrusah-grusuh, apa-apa disikat, ning ra tau diopeni.
PP : Iyoo mas, tobat tenan
aku, nek rasane kaya ngene iki. Aku bakal ngrawat untuku tenanan, supaya ora
lara maneh!
MP : ya wes samestine nu,
pakdhe! Apa-apa ki kudu dirawat, dijaga, supaya ora rusak. Lha nek wes lara
kaya ngunu kuwi, piye jal??
PP : iyoo mas, tobat tenan
koq!!
MP : siiipp...pakdhe! yen wes
sadar ngono.
----------------------------
Ora let suwe, pakdhe Piter wes mari saka anggone
lara untu. Lan wes kumpul-kumpul maneh karo mas Paul kanca cedhake. Ananging,
sabanjure, pakdhe Paul wes lali maneh marang larane untu, banjur bali maneh
nglakoni mangan ngombe telap-telep lan males anggone ngrawat lan njaga untune.
Wes lali marang niyat sing makantar-kantar rikala ngrasakake larane sing banget
marga untune.
Mbokmenawa, ”tobat-tobat” sing dikandhakake pakdhe
Piter mung lamis wae, utawa yen pancen bener mbokmenawa mbutuhake komitmen sing
tenanan kanthi setya anggone mujudake ”tobat-tobat”e.
Awake dhewe, mbokmenawa uga tau ngalami sing
dialami pakdhe Piter, yen ana ing swasana winatesing manungsa, awake dhewe duwe
niyat martobat, bali maneh, eling marang Gusti. Ananging mung rikala ”ing
situasi winatesing manungsa”. Yen wes luwar saka situasi sing kaya mengkono,
awake dhewe bisa lali marang niyat-niyat kuwi mau.
Martobat tegese, tansah setya anggone bali marang
Gusti, pulih asih marang Gusti. Kuwi ngemu surasa yen awake dhewe anggone
mbangun sikap tobat, ora mung sakdek-saknyek, ananging terus-terusan, supaya
kanthi mengkono, awake dhewe sangsaya cedhak karo Gusti, lan pungkasane bisa
manunggal karo Gusti.
Mula, tanpa sikap martobat, sengara awake dhewe
bisa tetunggalan karo Gusti. Mula, Gusti Yesus ing wiwitan pakaryane, martakake
”Padha Martobata!!” awit yaiku sing dadi dalan sepisanan anggone nampa
kartoning Allah, dalan kanggo sarana bisa nggayuh manunggaling kawula kaliyan
Gusti.
Martobat, perlu disampurnakake karo ”ngandel marang
injil utawa kabar kabungahan”. Kuwi ngemu teges, yen anggone awake dhewe bali
marang Allah, ora bisa liwat dalan liya kejaba, kabar kabungahan, yaiku Sang
Kristus, Gusti. Ngandel marang kabar kabungahan, tegese, awake dhewe kudu wani,
anggone bali, tinuntun dening Gusti Yesus, wani pasrah bongkokan marang Gusti
Yesus. Utawa tembung liyane, urip miturut apa sing dipangandikakake Sang
Kristus, Gusti. Yen awake dhewe bisa mengkono, kuwi tegese awake dhewe dadi
wong sing ngandel.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar