Nyedaki
mangsa Prapaskah tanggal 22 Februari mbesok (Rebo awu), Mas Paul (MP) wiwit
ancang-ancang golek kasucianing urip. Semono uga Pakdhe Piter (PP). Kekarone
pengin nglelimbang isining kitab suci.
MP : Pakdhe...rasul Paulus ana ing waosan kapindo
minggu iki, serius ora yo? Lha yo edaan to, nek tenan??
PP : Edan
piye, mas? Lha njenengan wae pangayomane khn santo Paulus to?
MP : Lha
mangkane kuwi, pakdhe: sing sepisan,
anggone memulang ora golek kaluhuran nanging pancen wes dadi kuwajiban utawa
tanggungjawab salumrahe murid Dalem Sang Kristus.
PP : Khan
pancen mengkono to, mas! Mulang ki wes mbalung sungsum padha karo memangan, nek
ra mulang yo awake dhewe cilaka, kepara malah bisa mati.
MP : iyo e
pakdhe! Kuwi Paulus yo ngandhakake mengkono! Sing ping pindhone, anggone
memulang wae tanpa opah, piye jal? Arep dipakani apa jal brayatku? Nek lara,
njur mlebu rumah sakit? Apa ya isa dibayar nganggo “memulang”? lha yo nganggo
duwit to? Padala ora ana opahe?
PP : astapirulllaaahhh....lha
koq kaya mengkono caramu mikir, mas?? Apa njenengan ki ora percaya marang Gusti
sing tansah nyukupi kabutuhanmu?
MP : yo
percaya, pakdhe!!! Percaya banget....nanging....!!!
PP : Nanging
apa??? Nek caramu mikir kaya mengkono, kuwi padha karo njenengan ora percaya
marang Gusti, njenengan ora duwe iman!!!
MP : Koq
isa mengkono, pakdhe! Njenengan aja ngajak sulaya aku loh!!
PP : Welah,
mas! Ngelmu kuwi kelakone kanthi laku. Ngelmu iku sangsaya landep yen
dipigunakake.
MP : lha
aku ki yo uwis ngunu je pakdhe! Aku duwe kapinteran, duwe kekuwatan, ya tak
pigunakake je!
PP : iyo
dipigunakake, nanging mung kanggo awakmu dhewe to? Kanggo brayatmu dhewe to?
Njenengan migunakake kapinteran lan tenagamu, among kanggo sing bisa nyukupi
kabutuhanmu, thok to, jane?
MP : lha
piye maneh, pakdhe! Khan yo wong bebrayatan ki butuhe akeh, malah kepara ora
tau cukup je! Dadi yo....?????!!!! nek kira-kira ra ngasilake sing bisa nyukupi
butuh, ya kosik-kosik nu! Mohon disori pakdhe! Dakcukupane sik brayatku
gitu...nek uwis, lagi.....wong liya lan sawutuhe kanggo pasamuwan!
PP : halah...yo
mbelgedes banget nu, mas! Jenenge kabutuhane manungsa ki ora tau entek, malah
kaya virus, sangsaya suwe, rumangsane sangsaya akeh.
MP : sstt.....aja
ngunu, pakdhe!
PP : yen
tumindakmu tetep kaya mengkono, kuwi ateges ora martakake injil....kuwi ateges,
njenengan milih urip cilaka, urip bilai!! Mulane, njenengan bakal ngrasakake
yen urip kuwi sangsaya suwe sangsaya abot, sangsaya rekasa, amarga ora gelem
martakake injil, mas!
MP : apa
yo mengkono, pakdhe!
PP : lha
apa, wulangane santo Paulus mau? “Bilai aku, yen ora martakake kabar kabungahan
(injil)”. Lan Gusti Yesus piyambak
uga ngandika “Berdirilah
dan pergilah, imanmu telah menyelamatkan engkau.”(Luk 17:19) Mulane
awake dhewe iki nabi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar