Kamis, 29 November 2012

KEDANAN GUSTI YESUS

Dadi wong katulik sing sejati kudu preduli lan seneng andum berkah, apa maneh sing dadi wong-wong katulik kuwi wong jawa, luwih gampang le bisa dadi katulik sejati merga, ana padatan agung sing wis lestari ing tradisi jawa. Iki sing lagi dilimbang-limbang mas Paul (MP) sinambi udud karo ngunjuk kopi le nggawekke pakdhe Piter (PP).
PP   : mas, mengko awan mrene yo kenduren, ki meh sukuran, merga panene kacang lumayan lah, mbokne bocak-bocah lagi gawe.
MP  :  weh, lha elok men pakdhe! nganggo kenduren barang, apa ya ra rugi to kuwi, panen e khn yo ra cucuk nek nggo biaya kenduren?
PP   :  halah, mas! Kuwi ra dakpetung, aku bungah merga Gusti tansah ngayomi lan maringi kasil anggonku ngolah lemah. Sithik ning yo yen daklimbang-limbang: Gusti ora sare anggone paring rejeki kanggo aku sabrayat.
MP  :  siiipp, bagus pakdhe! pancen yo kudu ngunu kuwi, sithik opo akeh, kuwi prakara kadonyan, sing luwih wigati, apa saka prakara kuwi, awake dhewe tetep bisa ngerteni yen Gusti tansah mitulungi?
PP   :  bener mas, mulane mengko mrene yo, yo sithik-sithik aku pengin mbagekake “berkat” kanggo kadang kiwa tengen kene.
MP  :  nah itu dia, pakdhe! sega satumpeng dipara-para kanggo kabeh, karo gudhangan, iwak pitik secuil cilik, tur mung diwungkus nganggo godhong jati, ora nganggo piring emas, kuwi “dadi berkat!” lha kuwi sing aku seneng mas.
PP   :  lha koq seneng?
MP  :  lha mergane dadi “berkat” kuwi mau.. pranyata “berkat” kuwi ra kudu akeh, ra kudu larang, ra kudu tuku menyang mall utawa warung, apa sing diduweni, yen dibagi-bagi, dadi berkat. Iyo ora pakdhe?
PP   :  Bener banget mas! Sega gudang diwungkus godhong jati wae dijenengi “berkat” mulane awake dhewe ki jane ya ura susah ya yen meh dadi berkat kanggo liyan.
MP  :  lha iyo to pakdhe, mung sing wigati, apa awake dhewe iki gelem dibagi-bagi, dipara-para, ora kudu uakeh, nanging sithik-sithik, amarga raos syukur sing ndasari, kuwi dadi berkat.
PP   :  wah iyo yo, aku sangsaya mongkok ki le nyiapke uba rambe kanggo kenduren mengko awan. Ayo, arep mbiyantu ora?
MP  :  yo ayo, pakdhe! sak isa-isaku dakbantu, supaya kabeh bisa kelakon.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar