Kamis, 29 November 2012

KIAMAT SUDAH DEKAT

Wis pirang-pirang dina iki, mas Paul (MP) ngrasakake yen hawane panas banget, ora awan ora mbengi. Saperangan sms sing mlebu yen ”badai matahari” wes ngetokke efekke. Semono uga, pakdhe Piter (PP) uga ngrasakake sing padha.
MP    :  Pakdhe!! Ki koq hawane puanas banget; apa pancen bener sing dies-em-es-ke wong-wong yen badai matahari ana tenan!
PP     :  Lha ncen ana tenan koq mas, kuwi wis kawit 2005 kapungkur.
MP    :  wee.....apa tenan, pakdhe! Berarti kiamat ki ana tenan nu yo??
PP     :  Yailah...ya mesti ae to mas, mas! Mulane ing wiwitane Gusti Yesus makarya khn martakake ”padha martobata, kratoning Allah wus cepak!” kuwi mas!
MP    :  apa ya bumi iki bakal lebur?
PP     :  bentuke kaya ngapa aku yo ra ngerti gt. Ning sing cetha, tandha kiamat wis ana gitu.
MP    :  Apa kuwi, pakdhe!
PP     :  Wong wis suthik ngabdi marang Pangeran lan ora gelem agawe renane panggalih Dalem.
MP    :  Wedew....apa iya, pakdhe! Lha tangga teparone dhewe isih padha semangat anggone tindak nggreja, latian kor, sembahyangan pendhak minggu, kepara yo sembahyangan dhewe.
PP     :  hahahaha.....pancen..!! pancen!!! Ning...apa kuwi tenanan agawe renaning panggalih Dalem??!!
MP    :  maksude, pakdhe?
PP     : okelah tindak greja pendak minggu, tapi apa ya tenanan le ndherek misa, lha wong hp wae suthik dipateni je, wedi nek Gusti Yesus tilpun, hapene mati.
MP    :  hmmm....
PP     :  okelah sembahyangan, tapi apa le da sembahyang ki necep katresnane Gusti apa mung ndremimil nang lambe thok saking apale tur cepet banget, pengine ndang rampung supaya bisa ndang caturan???!!!
MP    :  hmmmm....
PP     :  Semono uga yen latian kor, malah akeh wektu sing dinggo nyatur umat liya sing ra gelem melu kor.
MP    :  Kesimpulane, pakdhe???
PP     :  yo simpulna dhewe nu yo...hehehe
MP    :  walah, pakdhe ki!!!
PP     :  durung maneh ki, yen dietung-etung 24 jam sedina, pirang jam sing kanggo ngabdi Gusti? Sing kanggo gawe renaning panggalih Dalem? Lan pirang jam sing kanggo nggatekake prakara kadonyan?? Coba wis, dietung wae??
MP    :  Yen aku ya, paling: sembahyang esuk 1 menit, sembahyang sadurunge karo sabare mangan 1 menit ping telu (nek ra lali loh pakdhe!), melu misa harian 30 menit, njur sembahyang sadurunge turu 1 menit. Dadi yo 35 menit pakdhe!
PP     :  njur liyane sing 23 jam 25 menit??
MP    :  lha yo mbuh pakdhe! Ngerti-ngerti wes ganti dina je!
PP     :  ngunu koq, ngarep-arep swarga!!
MP    :  wah ya, aja meden-mendeni ngunu pakdhe!
PP     :  coba lelimbangen waosan II dina iki, mas!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar