Kamis, 29 November 2012

BOJANA AGUNG

Dayaning wong urip kuwi pangan. Sarana pangan sing didahar, wong bisa nduweni kekuwatan kanggo nglakoni urip sadina-dina. Tanpa pangan, wong ora duwe kekuwatan. Kuwi sing dirasakake pakdhe Piter (PP) uga mas Paul (MP) ana ing uripe.
MP  :  Pakdhe, wong katulik kuwi terkenale kerep pesta-pesta ya. Mbokmenawa wong-wong liya padha mbatin, koq ya bisa pesta-pesta bae ta? Kuwi biayane piye?
PP   :  Ya pancen, mas! Lha kuwi dadi dayaning awake dhewe kanggo urip ta?
MP  :  Lha ya iya, mesti bae to pakdhe! tanpa mangan, awake dhewe ora duwe kekuwatan kanggo urip. Coba yen sedina bae ora maem. Lha ya awak dadi lemes, arep ngapa-ngapa rasane males.
PP   :  Ya nek mung sedina, ya rung patia krasa, mas! Anggere sing penting isih ana rokok. Hehehe….
MP  :  Walah…padhe! Rokok kuwi ora apik kanggo urip. Sacara ngelmu kesehatan uga akeh zat-zat kimiane. Sacara ekonomi, ya boros. Sacara sosial ya ngrugekake wong liya, dadi melu ngisep asape rokok. Piye jal? Uga sacara ngelmu lingkungan hidup, ya nambahi pencemaran udara lan sampah.
PP   :  hmmm…no comment aah… nek kowe omong ngunu kuwi, ateges kowe nyindir rama loh. Meh kandha dhewe po dakkandhakake, hayoo….
MP  :  Halah, pakdhe…aku dakkandha dhewe bae, mengko yen mbokkandhakake malah ditambah-tambahi sing ora cetha.
PP   :  hehe….
MP  :  Ya wes kembali ke leptop! Dadi yen awake dhewe ora mangan, intine ora ana kekuwatan kanggo nglakoni uripe dhewe lan makarya, pakdhe!
PP   :  Bener, mas! Mulane kuwi mangan kuwi penting. Masalahe kepriye anggone ngupaya pangan kuwi, mas!
MP  :  Lha cetha ta pakdhe, sing ora nyambut gawe ora uleh mangan, gitu loh.(2Tes 3:10)
PP   :  Lha masalahe ki sing digedhek-gedhekke pangane je, mas! Coba delengen, kegiatan apa bae sing paling gedhe biayane, ya biaya pangan gitu.
MP  :  Wee..ya ora ateges digedhek-gedhekke to pakdhe! tegese: yen biayane mangan kuwi paling gedhe, ya artine penting banget gitu, kepara pokok gitu.
PP   :  Iya-ya mas! Bener kuwi. Makane kuwi yen awake dhewe mangan utawa ngombe, kudu ditindakke amrih mulya Dalem Gusti gitu (1Kor 10:31)
MP  :  mulane kuwi, pakdhe! yen ana ing kegiatan-kegiatan apa bae nganggo mangan, awake dhewe kudu aja nganti owel urun apa bae supaya kabeh sing melu kegiatan bisaa mangan gitu.
PP   :  Bener kuwi mas! Supaya kamulyaning Allah sangsaya sumunar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar