Kamis, 29 November 2012

KAWULA ABDINING ALLAH

Pakdhe Piter (PP) mung isa lungguh njenger, bingung amarga Mas Paul (MP) sing digadhang-gadhang dadi punggawaning Pasamuwan, pranyata sacara meyakinkan omong yen wegah.
PP     :  Mas, kowe mbesuk pas pemilihan Dewan Paroki, dak jagoke dadi pengurus ya?
MP   :  Wah, pakdhe! aku ki wis tuwa je, wis ra memenuhi syarat dadi pengurus, gitu!
PP     :  Halah…mas, nek nggon ngunu kuwi ngaku tuwa, coba nek weruh sing alus-alus isih kinclong, ngakune iseh enom, gagah, durung duwe bojo. Iyo ra?
MP   :  Ora yo, pakdhe! lha aku pancen wis tuwa koq, wis luwih saka 60 tahun, dadine menurut pedomane paroki khan wes ora kapetung gt. Mosok ya pedhoman meh arep dilanggar??
PP     :  ya bener mas, pedhoman ura oleh dilanggar nu, tapi nek miturut wong-wong farisi loh, nek miturut Gusti Yesus khan, “Hari Sabat diadakan untuk manusia dan bukan manusia untuk hari Sabat” gt. Tapi ya terserah ding mas, hak e njenengan gitu.
MP   :  Wah ya aja ngunu to, pakdhe! lha aku ki khn raisa apa-apa, ra duwe pengalaman bab Pasamuwan, mengko malah oleh-olehane dipaido umat. Lha yo cilaka ta?
PP     :  Halah, mas-mas! Dipaido umat ki rapapa, sing penting aja ngasik dipaido Gusti Yesus. Cilaka tenan nek kuwi.
MP   :  Hehehe…..iya ya pakdhe! Tapi ya, piye ya…. (mas paul sajak bingung, nanging saka prejengane raine, cetha-cetha nek ra gelem).
PP     :  Lha piye to, mas! Lha aku wingi ya nawani jeng pergiwati, tapi ya ra gelem alasane sibuk, perga-pergi wae gitu. Aku moncing-mancing pak longgar ya, ra gelem, padala wis pensiun tur wektune kanggo Pasamuwan yo akeh. Piye jal?
MP   :  Ya, ketoke ya suasanane Pasamuwane dhewe kaya ngene iki, pakdhe! lagi padha pengin ngaso sik gitu.
PP     :  Ya malahane kuwi, mas! Ramane ya isa ngaso uga gitu…sing penting khan misa-misa jalan terus gitu. Hehehe..
MP   :  Ya nek da rumangsa cukup mung misa-mise bae ya rapapa gitu.
PP     :  Tapi ya mosok ngunu, to mas! Awake dhewe ki lagi bae umur enem taun loh, kudune khan semangate mbiyen pas wani madeg paroki khan ya iseh ana gitu, ora ilang.
MP   :  Hehe…..
PP     :  wong ya, Pasamuwan ki isa maju berkembang merga sapa? Ramane? Apa umate?
MP   :  Ya miturutku ramane, pakdhe! khan rama sing mimpin paroki. Hehehe..
PP     :  Ya ra bener nek ngunu kuwi, mas! Pamikirane kowe kuwi pas yen jaman mbiyen sadurunge Pasamuwan kuwi kasebut Paguyuban, gitu.
MP   :  Lha njur?
PP     :  Pasamuwan kuwi maju yen ana paguyuban, rama karo umate saling bekerja sama, padha-padha makarya, padha-padha semangate gitu.
MP          :               Oooo…nggih, nggih. Berarti kudu kaya Maria nu Pakdhe: Kula punika abdining Allah, sadika ing dhawuh Dalem.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar