Hari ini minggu biasa ke-22, sekaligus hari pembukaan bulan kitab suci
nasional (BKS). Seluruh umat Katolik dengan niat tulus kembali menggali
semangat dasar iman kepada Allah di dalam Yesus Kristus, melalui kitab suci.
Tak terkecuali pakdhe Piter (PP) dan mas Paul (MP).
MP : Pakdhé, piyé kitabsuciné
wis ketemu? Wèkku wis ketemu, wingi dak goleki sedina jé, jebulané nang njero
kardus sing ana ing gudang.
PP : Hehe…aku malah rung sempat
nggolèki, mas! Kapan ta wiwit bulan kitab suci ki?
MP : Ya sajroning wulan Sèptèmber,
pakdhé! luwih becik manèh ya wiwit dibukak dening Pasamuwan ing dina iki.
PP : Berarti kuwi pendhak dina
ta, mas?
MP : Ya jenengé baé wulan kitab
suci, ya sajroning sewulan to pakdhé! pendhak dina awaké dhéwé nggegulang,
sinau, mangertèni kitabsuci.
PP : Waduw…dak kira mung yèn pas
saraséhan seminggu pisan kaé. Lha ra ngerti koq aku. Ora dosa ta, khan ra
ngerti??
MP : ckckck….lha wong setaun
wektu sing diduwèni, njur mung mijèkaké wektu sewulan nggo nyinau kitabsuci koq
ra ngerti ki kepribèn, pakdhé! pakdhé! njur dipertanyakan nu iman é? aja-aja
iman yang sesat sing diugemi. Amarga ora tau nyinau kitabsuci.
PP : Lha khan imanku ya padha
karo imanmu ta, sing diwulangaké guru agama, dikotbahaké romo? Mosok ya klèru?!?
Khan sing padha dakugemi ya imané Pasamuwan gitu loh, mas!
MP : Ya bener, pakdhé! nanging
jenengé iman ki ora mung iman é Pasamuwan, nanging kudu tekan iman pribadi:
imanku marang Gusti. Dadi ya kudu dijaga, diurip-urip, diopèni sacara pribadi.
PP : Kudu ngono ya, mas?
MP : Ya nèk kuwi dudu kudu,
nanging pancèné ngono kuwi, pakdhé! amarga iman kuwi sing dadi sarana awaké
dhéwé iki pantes mlebu swarga apa ora; mosok ya mèh nunut tanggané?
PP : Hehe….maap maap mas! Dak
kira ki sing penting baptis, ndhèrèk mis suci, ndhèrèk sembahyangan wis cukup jé!
MP : wuuu….. awaké dhéwé kudu
nggawa sangu sing saakèh-akèhé pakdhé! mulané nggegulang sabda Dalem Gusti kuwi
penting banget, awit sabda Dalem kuwi Sabdaning Gesang Langgeng, gitu, sing
nuntun awaké dhéwé kepriyé bisaa pantes mlebu ing swarga.
PP : ok, mas! Aku dakmaca
kitabsuci saben dina ing wulan Sèptèmber iki.
MP : Siiipp… maca bareng aku ya ra
dosa gitu.
PP : iyoooo, mas! Aku ngerti.
Le dosa ki yèn macané saayat thok njur ngrumpi. Iya to?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar