Kamis, 29 November 2012

BRAYAT KATULIK PENDOA

Nyedhaki riaya natal, Pakdhé Pitter (PP) nyiapaké hiasan natal ing ngomah. Pernik-pernik natal lan pohon natal dipajang.
PP   :  Natal wés cepak, yo mas?
MP  :  Yups, pakdhé! tapi nèng omahku ora dakpasangi pernik-pernik kaya ngéné, lha raduwé duit tur yo éman-éman duité.
PP   :  Halah, mas! Iki yo lé tuku wés mataun-taun kapungkur koq. Daripada mung nggo susuh tikus mending dakpasang manèh.
MP  :  Héhé…ora kudu, to pakdhé? Sing penting khan sangsaya ngrasakaké yèn Gusti Allah kuwi tansah manunggal ing brayaté dhéwé.
PP   :  Wèh..koq tumbèn mudeng, mas? Layak kwi dakcalonaké dadi prodiakon?
MP  :  Walah, pakdhé! Dadi wong katulik sejati yo kudu paham bab riaya gedhé iki nu.
PP   :  Bener, mas: lumantar Sang Kristus sing karsa dadi manungsa lumrah ana ing tengah-tengahing brayat sing sederhana, kepara malah ra duwé papan sing pantes kanggo Panjenengané, awaké dhéwé diteguhaké.
MP  :  Nah, itu dia, pakdhé sing pualing penting. Mulané brayat kuwi dadi papan wigati banget kanggo mbangun iman sing kuat, awit Sang Kristus sepisanan rawuh ana ing brayat.
PP   :  Iyo, mas! Aku uga sadar banget bab kuwi. Brayat dadi papan sepisanan kanggo mbangun iman. Yèn brayat ora bisa mengkono, ndah kaya ngapa, sejatiné wong katulik kuwi jan-jané.
MP  :  Aku sarujuk, pakdhé! Brayat kanggo papan sinau sembahyang, sinau sopan-santun lan tata-kramaning urip. Apa manèh wektu-wektu iki ana kaprihatinan yèn bocah-bocah jaman iki lé da pacaran wés kebablasen.
PP   :  Aku tau maca ing koran: Ing Gunungkidul kéné, bocah-bocah sing durung cukup umur, kepeksa nikah amarga “nabung” sik (hamil-red), ning “bunga”ne ora marakake ”bunga”h.
MP  :  Mulané pakdhé, tantangan urip bebrayan jaman iki pancèn kudu disikapi kanthi temenanan. Aja nganti anak-anaké dhéwé anggoné pacaran ora alandhesan iman.
PP   :  Mangkané kuwi, mas! Wiwit advèn iki lan saterusé, aku, mbokne bocah-bocah, karo anak-anakku dakejak sembahyang bareng pendhak dina, supaya ing pakaryan lan ing ngendi baé tansah dikuwasani déning Gusti.
MP  :  Sippp…pakdhé! kuwi brayat katulik sejati.
PP   :  Lha yo wés samesthiné brayat katulik pancèn ngunu, koq mas. Brayat kang seneng ndedonga dadi bètèng sepisanan kanggo ngadhepi jaman, sing ngedohaké awaké dhéwé marang Gusti: Aja nganti lirwa, sapa lirwa bakal cilaka. Yèn wés cilaka anané mung gela karo nelangsa.
MP  :  Aku kabeh lha yo, ora pengin ngunu, to?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar