Setu pon wingi, Mas Paul (MP) ngrapal mantra
kanggo nucekake dina wetone, paringane Pakdhe Piter (PP)
MP : Pakdhe, piye to carane ngrapal mantra. Lha
wingi wetonku rung sida kelakon je. Lha akiih, ra apal-apal. .
“Niat
ingsun pasa weton, sing pasa lair lan batinku. Kakang-kawah adi ari-ari,
sedulurku papat keblat, lan kelima pancer, manjinga anunggil ing jero badan
sariraku, curiga manjing warangka, warangka manjing curiga, sun jumeneng
roroning atunggil, dumung manunggal kalayan Gusti. Saka kersaning Gusti.”
PP : Yo diamalke sing temen, aja nganti kleru. Nek
kleru sithik wae, ra migunani.
MP : Weh….lha koq susahmen to, pakdhe!
PP : Lha yo mesti wae,mas! Mantra ki ora baen-baen,
kudu diniyati, nganggo laku prihatin barang, pasa lan sesirik.
MP : Wooo…ngono to pakdhe! nek dilakoni tenanan,
banjur lagi mandi to?? Mengko dakcobane, pakdhe!
PP : Yo kudu dilakoni, wong jenenge ngelmu kuwi,
kelakone kanthi laku. Nek ora nggo laku, yo mubadir alias mubazir.
MP : Aja-aja, semono uga “donga” yo, pakdhe????
donga ki yo kaya mantra, to?
PP : Ya iyalah, mas! Donga kuwi mantrane wong agami,
wong sing duwe agama lan percaya marang Gusti Allah.
MP : Berarti, yo kudu dilakoni kanthi laku,
gitukah???
PP : Bener banget mas., lan uga yo kudu apal tenan
supaya le ngrapal aja kleru, tur kanthi gumolonging ati, budi, jiwa lan
sakatoge kekuwatan, gitu.
MP : Dadi…..sembahyang ki, pada karo ngramal mantra
nu??
PP : yo……kurang luwih…..hmmmmm!!!! kaya waosan
sepisan dina iki….kersane Gusti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar