Sawijining
dina, Pakdhe Pitter (PP) karo mas Paul (MP) lagi thenguk-thenguh nang ngisor
wit ringin ngarep omah sinambi ngrasakke kanikmatane udan riwis-riwis ing wayah
sore iku, agawe ayem wit jagung kang katon ijo royo-royo, marakke ati seneng.
MP : Lagi lara, po Pakdhe?
PP : lara kepriye, to? Lha seger buger ngene je?
MP : Lha koq wingi ra mangkat nang nggreja, nek ora
lara?
PP : Wah lha yo mohon disori. Aku wingi myang
ngalas wiwit isuk je.
MP : Yo kuwi tegese laraaaa…pakdhe!!!!
PP : lara kepriye, maksude?
MP : Lha ra nyang greja khan roh e njenengan lagi
ora doyan mangan to? Jare wong nek lagi ra doyan mangan ngombe ki,
tandha-tandha yen lara, malah kepara tandha-tandha yen wes “cepak dalane”.
PP : Wah-wah…nek iki yo tegel men tenan ngunekke
aku kaya mengkono.
MP : Weh, ki bener pakdhe! wong sehat ki ora mung
teges sehat awake, ning yo sehat roh e, sehat jiwane.
PP : apa iyo??
MP : Lha iyo nu pakdhe! umum e awake dhewe ngertine
sehat ki, mung awake thok, mbuh njur dipijeti, dikeroki, diobati jamu po
obat-obat kimia.
PP : Lha ncen ngunu je, sing krasa lara khan nek
awake lara. Piye jal?
MP : lha yo kuwi….!!! Padala awake dhewe iki, ora
mung raga thok, ananging uga roh lan jiwa ana nyawiji ing ragane dhewe.
Panganane Roh kuwi donga, panganane jiwa kuwi pasinaon.
PP : Njur..???
MP : yo mulane, yen ragane dhewe wae dipakane saben
dina, kepara ping pindho ping telu utawa luwih. Semono uga roh lan jiwane awake
dhewe, kudu dipakani supaya sehat.
PP : Iyo yo…piye kwi carane?
MP : Yo yen pengin makani roh, yo kudu akeh
sembahyang. Lan sembahyangan sing paling bergisi kuwi sembahyangan ekaristi. Yen
awake dhewe ngriyayakake ekaristi, kuwi padha karo empat sehat lima sempurna,
pakdhe!
PP : Wah-wah….ngedap-edapi nu..!!! Njur sing kanggo
jiwa?
MP : Yen pengin makani jiwane awake dhewe, yo kudu
tansah sinau, sregep maca waosan-waosan sing apik: kitab suci, buku-buku
pelajaran sekolah, buku-buku karohanen lan sing marake awake dhewe duwe ati lan
rasa sing sangsaya wicaksana.
PP : ngunu yo, mas!
MP : Kudu ngunu, pakdhe! yen pengin awake dhewe
sehat wutuh kaya piwulangku dina iki: jaganen wutuh roh, jiwa lan ragamu!
PP : Ocree!! Mas! Aku yo pengin sehat koq!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar