Ing sawijining wayah soré, pakdhé Pitter (PP) karo
Mas Paul (MP) padha gegojèkan ana ing lincak ngarep omah, ngisor wit pelem sing
padha pating grandhul pelemé, sajak ngawé-awé.
MP : Pakdhé,
sing diarani abdi kuwi sing kaya ngapa ta jané, semangaté?
PP : piyé
yo mas, kanggoné jaman saiki, gagasan abdi kuwi wis kalah karo sing jenengé moneytheisme jé.
MP : Apa
kuwi moneytheisme pakdhé? koq aku
lagi krungu?
PP : Moneytheisme ki, aliran kepercayaan yèn
duwit kuwi hyang mahakuwasa lan hyang nitahaké samubarang bisa ana.
MP : Berarti
sing duwité akèh sing bisa nguwasani lan bisa agawé apa baé ngunu to pakdhé?
PP : Bener
mas! mulané, yèn ra ana duwité ya ra obah, ra mlaku, ra kelakon, ra ditindakaké.
MP : Lha
banjur, bédané karo semangat abdi?
PP : Dadi
abdi kuwi semangaté dudu bab kadonyan, dudu duwit sing ngerèhaké.
MP : Lha
njur?
PP : semangat
abdi kuwi, ana duwit
apa ora, tetep
nindakaké kanthi tanggungjawab, dhawuh
sing diemban, kepara ora nggawa kauntungan kanggo diri pribadi, ya tetep
dileksanani, ngunu.
MP : Woo...amrih
mulyaning kabèh wong, ya pakdhé?
PP : yuppy
mas. Ngunu kuwi semangat abdi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar