Kamis, 29 November 2012

INGGIH SANDIKA DHAWUH

Wes seminggu luwih, tensine pakdhe Piter (PP) dhuwur amarga mikirake lingkungane. Apa sing diidham-idhamake sajroning dadi ketua lingkungan durung paja-paja kelakon, yaiku bab pasamuwan sing guyup rukun, tandang gawe kabeh umat. Sing ketok ya mung kuwi-kuwi bae. Mas Paul (MP) nyoba ngerih-erih.
MP  :  Pakdhe, mbok ya uwis ta, wong ya kanyatane kaya mengkono, piye maneh. Awake dhewe wis berusaha, tapi nek ga ana tanggapan, ya mubasir ta, pakdhe?
PP   :  aku ya wis nyoba nampa apa anane, mas. Tapi ya piye ya, aku ki mbiyen kasengsem dadi katulik ki amarga wargane da guyub rukun, kabeh wargane tumandang le leladi ana ing Pasamuwan. Lha iki koq beda banget gitu loh.
MP  :  Lha piye to, pakdhe?
PP   :  lha nggon rapat wis diputuske yen kabeh umat sarujuk resik-resik greja seminggu pisan miturut jadwale lingkungane dhewe. Nyatane endi?
MP  :  lha da tumandang, ora pakdhe? aku wingi dedel nyang ngalas je. Lali!!
PP   :  lha yo kaya mengkono kuwi contone, mas! Kaya sampeyan iku. Piye jal? Ngunu koq duwe pangarep-arep mlebu swarga??
MP  :  Maksude apa kuwi, pakdhe?
PP   :  lha wong mung nuruti keputusan antarane awake dhewe sing wis disarujuki we da mblenjani, apa maneh netepi dhawuh sing tanpa rapat, tanpa kong kalikong, kudu ditindakke, mesti tambah angel kuwi.
MP  :  contone pakdhe?
PP   :  netepi dhawuhing Allah? Hayoooo……
MP  :  ya ra ngunu kuwi ah, pakdhe ki? Mosok ya meh dipadhakake kaya mengkono.
PP   :  lha aku lagi anyel, je mas. Nek anyel khan bebas omong apa bae to?
MP  :  hahahaha…..ra melu-melu, pakdhe!
PP   :  lha piye, jare nggah-nggih, nggah-nggih, tekan ngendhone, sing nggih karo nindakake ya mung wong sing kuwi-kuwi bae.
MP  :  Ya pancen, pakdhe! biasane ya mengkono kuwi koq. Meh arep dikepriyekake maneh gt!
PP   :  ya penginku ki dadi wong katulik ki ya sing golong-gilig, ora setengah-setengah, 100% gt.
MP  :  ya alon-alon to, pakdhe! lha wargane dhewe iki khan wis da sepuh-sepuh kabeh: meh tindak bae wis rada kangelan, nek ra ana sing ngangkut, ya ga isa teka; yen udan kena angin sithik bae wis nggregesi awake; mosok meh dikon cepet-cepet to, pakdhe? apa ya ra mesakake!
PP   :  padala, mas! Yen misa kae, awake dhewe khan oman-amin to? Alias sarujuk to jane? Ping pira jal yen dietung, awake dhewe le oman-amin?
MP       :           kuwi khan nggon misa pakdhe, nang njero greja. Yen nang njobo greja khan ya melihat situasi dan keadaan. Hehehe…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar