Kamis, 29 November 2012

IMANMU MENYELAMATKAN ENGKAU

Suatu kali, selesai berdoa rosario, pakdhe Piter (PP) dan mas Paul (MP) disadarkan akan pentingnya iman untuk memperoleh keselamatan, yaitu mencapai manunggaling kawula Gusti, menurut filosofi kejawen.
MP  :  Pakdhe, keselamatan dunia begitu getol kita usahakan ya. Contohnya, bagaimana kita selalu bisa mendapatkan uang untuk kebutuhan-kebutuhan kita setiap hari.
PP   :  Betull mas, lha apa lagi ini mulai memasuki musim hujan; di sawah-sawah, ladang-ladang banyak berkeliaran orang tidak mengenal waktu. Semua itu dilakukan demi “sesuap nasi”. Elok banget to kalau direnungkan semangatnya itu.
MP  :  Iya e pakdhe, setiap kali aku dolan-dolan di wilayah-wilayah, di sawah dan ladang sudah banyak orang yang mulai mengolahnya untuk ditanami. Bahkan juga sudah mulai ada yang memberkatkan benih-benih yang akan ditanam.
PP   :  Lha ya bagus kuwi…tapi ya jangan sampai, Gusti ki dadi abdine awake dhewe loh yaa.
MP  :  Maksudnya pakdhe??
PP   :  Lha kerap kali khan awake dhewe ki mrentah Gusti. Gusti tulung, winih-winih iki diberkahi supaya kasil sing akeh kanggo uripku. Gusti tulung  paringa  jawah.  Gusti  tulung  winih - winih
          sing dak tandur katebihna saking ama, bisaa tuwuh subur lan ing samangke ngasilna woh sing akeh.
MP  :  ooohhh…iya ya, pakdhe! awake dhewe ki seneng mrentah Gusti, kaya-kaya Gusti ki dadi anak buahe awake dhewe.
PP   :  mulane kuwi mas! Anggone awake dhewe ngolah sawah pategilan kudu alandhesan iman.
MP  :  Kepriye kuwi pakdhe?
PP   :  ya kabeh sing awake dhewe lakoni kuwi mesti bae ora luput saka kersa Dalem Gusti. Mulane kuwi anggone awake dhewe nyuwun tulung, kudu dilandesi iman, dudu kuwasa. Kaya-kaya awake dhewe ki luwih kuwasa tinimbang Gusti: mrentah sakdek saknyek, yen ra kasembadan njur mutung. Hmmm
MP  :  waduw…apa ya nganti ngunu kuwi ta, pakdhe?
PP   :  ya mulane, semangat sing kudu diduweni ki semangat abdi, yaiku anggone ngolah tegil pasabinan kuwi ya kanggo sarana sangsaya mangerti katresnan Dalem Gusti, ngunu,..
MP  :  wooo…mulane, Injil dina iki, Gusti yasa pangeram-eram, marasake wong wuta, ya pakdhe!
PP   :  Beneer, mas! Gusti ngersakake supaya awake dhewe bisaa ndeleng, ningali katresnan Dalem Gusti iku lumantar apa sing dialami, luwih-luwih lumantar sadaya sing tinitah ing Gusti, termasuk tegil pasabinan sing lagi awake dhewe olah iki.
MP       :           ya ya ya….muga-muga Pakdhe, kabeh iki dadi sarana kanggo mbangun iman sing sangsaya kandel mring Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar