Kamis, 29 November 2012

DADI TUWA KUWI MESTHI

Dina iki, mas Paul (MP) lagi ngenam-enam pikir, nggegulang ati, nglelimbang uripe sing katon surem. Akeh prakara sing diadepi. Banjur tuwuh pitakonan, “apa kersane Gusti?” Pakdhe Piter (PP) sing tansah setya ngancani, bisane ya mung ngancani.
MP  :  Pakdhe, jan-jane Gusti ki ngersakake awake dhewe urip kepenak apa ora to?
PP   :  Weee…ana apa to mas koq duwe pamikiran kaya mengkono?
MP  :  Lha yen dakrasak-rasakake, uripku iki ana-ana bae prakarane, siji durung rampung, tuwuh prakara liyane..kaya-kaya Gusti ki ra ngeparengake uripku leren sedela, ngrasakake urip sing kepenak.
PP   :  Bebasan, urip tanpa prakara kuwi ora rame, ya awake dhewe kudu tansah sabar mas, nglakoni urip iki. Mbuh seneng, mbuh susah kabeh temtu ana berkah sing sumimpen ing kono, sing kudu ditemokake.
MP  :  Lha ning ya abot, pakdhe…tur yo ora gampang. Sing tuwuh malah emosi banjur donyane sarwa peteng.
PP   :  Yo pancen, mas! Awake dhewe ora tau dididik sinau ngadepi prakara, kepara malah nglungani prakara. Apa maneh donyane saiki sing sarwa instant.
MP  :  Lha kuwi pakdhe, aku ya ngrasakake. Yen ana prakara, anane ya mung emosi, ora bisa mikir. Banjur sing dituruti ya emosi kuwi mau.
PP   :  yaachh….ngunu kuwilah mas! Nanging kuwi tandhane wong sing egois, yen mung nuruti emosi. Amarga mung nuruti karepe dhewe, kepentingane dhewe utawa rasa pangrasane dhewe lan emosine dhewe. Kabeh-kabeh kudu keturutan, nek ora, banjur sakarepe dhewe.
MP  :  susah to, pakdhe! lha njur aku ki mikir, kersane Gusti ki apa, jal?
PP   :  Ya kuwi mau, mas! Awake dhewe kudu yakin seyakin-yakinnya yen saben prakara kuwi ya ngemot berkah sing kudu ditemokake. Kaya piwulange santo Paulus, “aku padha dadi wong-wong diwasa sing sangsaya suwé sangsaya mundhak sampurna ngèmperi Sang Kristus.
MP  :  Dadi, yen ana prakara kuwi ateges awake dhewe dididik Gusti supaya sangsaya sampurna ngunu yo pakdhe?
PP   :  Bener, mas! Yen awake dhewe isa ngadepi prakara kanthi ati sing wening, pikiran sing bening lan manah sing hening, awake dhewe bisa mbangun urip sing sangsaya sampurna.
MP  :  Lha nanging khan ora gampang pakdhe?
PP   :  pancen ora gampang, nanging yen wong tansah linambaran katresnan sing sejati, mesti bisa. Mulane ya gumantung awake dhewe le mbangun sikap marang prakara-prakara kuwi. Sikape awake dhewe pancen pilihane dhewe, nanging uga mratelakake kadiwasane awake dhewe, ngunu.
MP       :           iyo..iyo pakdhe, dudu emosi sing dituruti, ananging pikiran kanugrahane Gusti marang awake dhewe titah manungsa iki, titah sing luhur dhewe tinimbang liya-liyane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar