Dina iki, mas Paul (PP)
ngrasakake yen kudu pulih asih maneh marang garwane, jeng Maria (JM) sing wis
dicidrani. Uripe dirasakake ora begja lan anane mung was sumelang. Urip mung
nuruti kanikmatane dhewe pranyata ora gawe tentrem, malah sewalike, ora jenjem
lan susah. Ngerti niate mas Paul, pakdhe Piter (PP) rumangsa mongkog atine.
MP : dik, aku njaluk pangapuramu ya. Pirang-pirang
wulan iki, aku wis nyidrani kasetyan sing mbiyen dadi kasaguhanku urip bareng
karo kowe rikala susah utawa bungah.
JM : ana apa, to mas! Koq njanur gungung omong kaya
ngono?
MP : Aku wis selingkuh, dik! Karo mbah Yudasti. Aku
ngakoni, yen aku kleru, uripku wis ora bener. Aku wis negakake kowe lan mung
nuruti kanikmatanku dhewe. Aku salah, dik! Aku luput, dik! Aku keduwung….wis
dosa marang Allah lan gawe kuceming brayate dhewe.
JM : Aku wis ngerti koq mas, prakara kuwi! Pancen
aku ora isa mbuktekake, ananging aku bisa ngrasakake yen mas wis ora setya. Aku
wis siap mas ngadhepi prakara-prakara kaya mangkene iki, wiwit mbiyen awake dhewe
janji ingarsane Pasamuwan.
MP : aduuhh..dik! semono gedhene katresnanmu marang
aku. Aku keduwung banget, dik. Aku egois…
JM : Aku wis ngapura awakmu mas, wiwit aku
ngrasakake prakara iki. Aku nresnani mas sawutuhe, ya kaluwihane mas, ya
kalemahane mas. Sing penting saiki, awake dhewe, luwih-luwih mas, mbangun urip
anyar. Awit katresnan mono, netepi apa sing dadi dhawuh-dhawuh Dalem Gusti, lan
sing dadi kasaguhane dhewe rikala nikah mbiyen. Kuwi sing kudu terus dadi
kasetyane awake dhewe, ya dadi wujude iman marang Gusti.
MP : Iyo, dik! Aku mangerti saiki, egoisku mung
marakake aku ora bisa manunggal karo kowe mbangun brayat sejati. Aku njaluk
tulung marang kowe, dik, supaya tansah njaga lan ngelingke aku.
JM : Aku ora bakal kentekan ati mas, kanggo ngupaya
supaya brayate dhewe tansah apik, miturut piwulange Pasamuwan. Aku tansah
nresnani mas, nganti pungkasaning uripku.
MP : Maturnuwun, yo dik. Tulungana aku lan tangekna
aku. Aku rumangsa sekeng banget, lan aku dadi wong bodho ana ing brayat, sing
wis nyiak-nyiakake katresnanmu. Aku arep sinau karo kowe, kepriye tresna sing
sejati kuwi, supaya aku sangsaya bisa manunggal karo kowe. Brayate dhewe
sangsaya dadi siji, kaya Allah karo Gusti Yesus yo siji; kaya Gusti Yesus karo
Pasamuwan ya siji; kaya Pasamuwan sing dadi salira Dalem ya siji.
JM : Iyo, mas! Aku ngapura kowe lan
katresnanku tetep marak kowe. Awit aku pracaya Gusti sing nresnani awake dhewe
ora tau kendhat anggone paring katresnan, supaya awake dhewe tansah bisa
tresna-tinresnan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar