Kamis, 29 November 2012

KATRESNAN BUTUH KEIKHLASAN

Dina iki, Mas Paul (MP) iseh bingung menggahing ukara “tresna”. Akeh bab sing ngaburake isi lan wujude “tresna” kuwi ana ing uripe manungsa jaman saiki. “tresna” dipolitisir kanggo nggayuh egoisme pribadi alias kasenengane dhewe. Amarga iku, Mas Paul banjur sowan Pakdhe Piter (PP) golek pepadhang.
MP  :  Pakdhe, jan-jane piye ta wong sing nduweni katresnan iku?
PP   :  welah, mas! Hayoo…lagi katiban tresna po, koq njanur gunung ngomongke bab kuwi?
MP  :  Ya iyalah, pakdhe! khan yo wis wayahe gitu loh!
PP   :  ngene yo, mas! Kowe kudu ati-ati ngengingi babagan kuwi. Jaman saiki ora gampang mangerteni wong sing duwe katresnan sing sejati. Anane saiki, tembung tresna wis dipolitisir kanggo nggayuh kepentingan-kepentingan pribadi.
MP  :  Badalah..!!! mosok begitu to, pakdhe! lha koq isa?
PP   :  Ya isa bae, to mas! Wong jaman saiki akeh sing karbitan, digawe cepet gedhe, cepet mateng, nanging anggone diwasa jan-jane durung tenanan.
MP  :  wuuu…kaya gedhang bae, dikarbit. Pakdhe ki ana-ana bae ta!
PP   :  lha, ncen iyo koq mas! Coba delengen, jaman saiki bocah-bocah le da pacaran kepriye? Wong-wong sing wis tuwa yo ra gelem kalah, wis duwe bojo siji bae, isih lagake kaya legan, golek pacar njur selingkuh. Jarene sih merga tresna. Apa ya kaya mengkono kuwi, mas?
MP  :  Aku ra donk, pakdhe babagan kaya mengkono!
PP   :  mulane mas. Yen kowe saiki rumangsa lagi ketiban tresna alias wuyung, ati-ati. Cekelen ngelmune wong jawa: eling lan waspada marang wong sing nresnani kowe, nanging uga luwih-luwih eling lan waspada marang awakmu dhewe. Kepriye anggonmu ngrasakake lan ngungkapake rasa tresna kuwi.
MP  :  prakteke piye kuwi, pakdhe! nek ngono kuwi khn mung teori, pakdhe! nyatane…….!!!??!!
PP   :  Prakteke ya kaya sabda Dalem Gusti dina iki, “yen kowe netepi angger-angger-Ku, kowe bakal tetep ana ing katresnan-Ku.” Kuwi tegese, katresnan kuwi mujudake kersane Gusti Yesus, dudu nyalurake pepinginane dhewe.
MP  :  Umpamane, pakdhe?
PP   :  Katresnan kuwi ora ngrusak sing ditresnani, gitu!
MP  :  Woo…begitu, to pakdhe! lha yen pepenginane pancen padha dene rusak, piye jal?
PP   :  Ya cetha, kuwi dudu tresna, to mas..mas!! kuwi mung hawa nepsu. Yen wis nggugu hawa nepsu, wong wis ra duwe pikiran. Yen wis ra duwe pikiran, ya….
MP  :  walah…sadismen, njenengan niku, pakdhe!
PP   :  lya iya ta, mas! Mulane, yen kowe wiwit tiba tresna, kudu mboklaraske antarane pikiran, ati lan rasamu, sing dadi tuntunanmu anggone mujudake katresnan. Ngunu mas!
MP  :  siiappp, pakdhe! muga-muga katresnanku bisa nglantarake kabungahane Sang Kristus tumedhak ing wong sing daktresnani.
PP   :  Amiiin…Mas!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar