Wes
pirang-pirang dina iki, miwiti mangsa adven, Mas Paul (MP) rada kangelan
anggone numpaki panther e. Pakdhe Pitter (PP) yo ngrasakake semono uga.
PP : wah,
dalan-dalane gek padha didandani yo, mas! Ki mau lagi dikeruki, nganti macet
total.
MP : Iyo,
pakdhe! aku mau ya kena macet sawise Ngawen, dalane dikeruk.
PP : Wah
jan, pas banget karo waosan-waosan dina iki yo, Mas! Sing mendhak mendhukul
diratakake, sing pating jeglong diurugi, sing pating congol digawe bawera.
Cuocok tenan.
MP : Bener,
pakdhe! yen dalane lus mulus, apa maneh hotmix… hmmm.. nyam-nyam-nyam.. pokoke!
PP : Kaya
panganan bae, mas! Mas!
MP : Lha
yo ngunu to, pakdhe! nek dalane rata tenan, lha yo le ngliwati ki kepenak gt.
PP : Aku
idem bae karo kowe, mas!
MP : Hahaha….kuwi
tegese, adven tenan ki: GunungKidul lagi nyawiske rawuh Dalem Gusti.
PP : hmmm….
Dalan kuwi, sejatine mung pasemon koq mas, kanggo awake dhewe yaiku uripe
dhewe, mas!
MP : Kamsudnya,
pakdhe!
PP : Dalan
kuwi rusak amarga dienggo pendhak dina ra tau leren, kudu nahan beban sing ora
entheng, uga kena banyu, kena panas. Uripe awake dhewe lha yo, dienggo pendhak
dina, to mas! Apa tau uripe awake dhewe didandani???
MP : Weeee….iyo
yo, pakdhe! wong dalan wae nganggo didandani, apa maneh uripe awake dhewe yo???
Lagi sadaar aku!! Malah kepara aku ki ngrangsang uripku tak nggo maneka warna,
ora tau tak nggo leren, apa maneh nyempatke ndandani…
PP : Nah
lo…… mesti yen diumpamake dalan, uripe awake dhewe iki, wes ra karuan, ora
cetha, merga dinggo terus kanggo nuruti kasenengane dhewe. Anggarane wektu,
tenaga, kepara uga biaya, ora ana; malah uga suthik ngetokke biaya kanggo
ndandani urip, sing penting isa mangan wareg, turu kepenak, isa ngeyup wes
cukup!
MP : Ning….apa
yo ngunu kuwi to pakdhe carane ndandani urip?
PP : Cethaaa
ora nu!! Kuwi mung jasmani!! Lha sing kanggo sukmane awake dhewe?? Opo jal??
MP : Lha
kuwiiiiiii….., pakdhe!!
PP : Miturutku
ana perkara loro, sing perlu kanggo ndandani urip: siji, andum berkah; loro,
urip miturut paugeran.
MP : kwi
piye, pakdhe!
PP : Andum
berkah kwi, tansah berbagi kabecikan. Pasemone kaya dek jaman mbiyen, simbok
yen entuk lawuh banjur dibagi rata sakluwarga. Mulane wong mbiyen padha
sehat-sehat to? Semono uga urip miturut paugeran, pasemone kaya nyanyi. Yen
nyanyi ki nuruti not e, yo mesti dirungokake api, nengsemake neng ati, gitu…!!!
MP : Weh,
bener pakdhe! yuukkk!!!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar