Dhasaring manungsa kuwi luwih seneng tumindak ala, seneng urip ana
pepeteng tinimbang ing pepadhang. Mulane pancen abot dadi wong katulik sing
isih mburu kamanungsan. Ora gampang nilar dosa lan urip jujur ingarsaning
Allah. Kuwi mau panglimbange Mas Paul (MP) karo Pakdhe Piter (PP) sabubare
pepanggihan APP mau bengi.
MP :
Pakdhe, dosa kuwi marakake wong urip ing pepeteng.
PP : Koq isa, mas? Lha nyatane ya iseh penak-penak
wae srawung karo tangga, karo wong liya, uga latian kor, sembahyangan koq??!!
MP : ngene, pakdhe! dosa kuwi, marakake wong ora
jujur ingarsaning Allah, nyimpen barang ala sarapet-rapete kepara wong sing
paling cedhak dhewe bae ora uleh ngerti.
PP : apa iya, mas? Nek diumbar ya, teneh meh dipasang
nangdi raine to, yo??
MP : Ya makane kuwi, pakdhe! dosa kuwi nuntun awake
dhewe ngambah pepeteng, urip sarwa ora tentrem, anane mung sangsaya mburu
kasenengane dhewe, ninggal Gusti, ninggal anak, ninggal bojo, ninggal brayat.
PP : walah, lha njur kepriye kuwi mas?
MP : Ning ya ana sing sewalike, kanggo nutupi
dosane supaya rapet sumimpen, banjur sangsaya aktif neng tengahe keluarga,
sangsaya grengseng ndherek mis suci, lan sapanunggalane!
PP : e..eh, lha koq elokmen, mas??
MP : lha yo kuwi, dosa pakdhe. tansah nuntun awake
dhewe rumangsa “aman”. Kepara maneh, le tumindak dosa, kanthi nyalahpigunakake
wektu supaya uga kanggo nutupi dosa kuwi.
PP : wooo…dadi pancen dosa kuwi nuntun awake dhewe
ngambah pepeteng yo, mas! Utawa ngedohi pepadhang, ngunu?
MP : Bener banget pakdhe!! mulane tegese martobat
kuwi, awake dhewe ninggal pepeteng, nuju ing pepadhang.
PP : tegese, saka pangucap: yen awake dhewe
ngucapake “A” kuwi ya nyatane “A”, aja omonge “A” ning sing dilakoni “E”. nek
ngunu berarti ising seneng manggon ing pepeteng.
MP : yups, pakdhe, uga ura mung nggon pangucap,
nggon gagasan lan tindak tanduk sarta anggone netepi kewajiban katulik, ngunu.
PP : wooo..berarti urip sing siap nampa pepadhang,
kuwi berarti urip jujur yo, mas??
MP : Bener, pakdhe! jujur marang awake dhewe, jujur
ana ing brayat, jujur marang wong tuwa, jujur marang Allah.
PP : yoh..yoh….muga-muga aku bisa nindakake kuwi,
mas! Lha saiki ki, susah banget je dadi wong jujur. Lha wong sms bae ora tau
jujur je!!!
MP : makane
kuwi, pakdhe! sing sapa jujur, bakal luhur. Sing ora jujur, bakal ajur!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar