Dina-dina iki,
pakdhe Pitter (PP) lagi ayem atine amarga bubar bae panen pari. Ya mbokmenawa
yen dietung-etung tetep ora bathi, ongkose ngerit pari bae ora cukup 400 ewu.
Nanging ayeming ati, ora bisa diregani nganggo duwit. Mulane kanggo rasa atur
panuwun, padhe Pitter arep kolekte sing akeh, awit kamirahane Gusti pranyata
ora bisa ditandingi nganggo duwit utawa samubarang liyane sing ana ing donya
iki. Semono uga mas Paul (MP), bapak-mbokne yo lagi bae panen pari.
MP : ehmm….!!! Mesam-mesem sajak ayem ki pakdhe,
atine?
PP : iyo, mas. Ki mau lagi rampungan panen.
Lumayanlah, nek nyawang panenane, tuwuh pengarep-arep ing ati, yen pranyata
Gusti kuwi mahatresna tenan karo awake dhewe.
MP : lha koq isa, pakdhe?
PP : lha awake dhewe le nenandur mung modal
pengarep-arep: wiji sing pinilih dak sebar ing uritan, dak rabuk, dak tandur,
ananging khan kuwi kabeh winengku ing berkahing Gusti. Awake dhewe ora bisa
apa-apa, bisane mung ngarep-arep, pari sing ditandur kuwi, bisa ngasilake woh
sing akeh.
MP : Bener…bener pakdhe! Pengarep-arep kuwi sing
marakake awake dhewe nduweni kekuwatan kanggo ngolah lemah, tuku rabuk, lan
saben dina lunga menyang sawah, ora preduli panas utawa udan.
PP : nah….mulane awake dhewe dadi wong tani iki,
ora usah isin dianggep wong ra duwe, dianggep wong miskin. Pancen sacara
kadonyan awake dhewe ora duwe apa-apa, nanging awake dhewe wong sing paling
binerkahan ing Gusti, winengku ing katresnan Dalem.
MP : yaps….aku sarujuk pakdhe! semono uga,
pengarep-arep marang anak, to pakdhe?
PP : maksudnya?
MP : awake dhewe uga duwe pangarep-arep marang
anak. Yen mbesuk wes gedhe, mangsane nguwohake asil, ya muga-muga kaya panenane
pari iki.
PP : hmm…..lha yo mesti bae, to mas! Aku ngragati
anak, ora preduli kudu utang kana-kene, yo ben bisa migunani tumrap wong tua,
pasamuwan, lan nagari, je.
MP : Lha yo ngunu kuwi, pakdhe! kudune, nanging
khan le reragat ki yo ora mung sing kadonyan. Luwih prayoga maneh yo reragat
kanggo kaswargane anak, gitu.
PP : maksude, mas paul apa ki?
MP : ragat kadonyan khan mesti pakdhe: yo maringi
pangan, sandhang, papan, kepara uga duwit kanggo sekolah lan ubarampe liyane.
Kuwi ben anak bisa dadi wong sing kacukupan kadonyane. Ning aja lalai, ragat
sing kaswargan, hayoo…opo jal??
PP : lha opo, mas! Aku ngragati anak kaya mengkono
kuwi ya ben anak bisa pantes mlebu swarga, je!
MP : ya dudu jaminan, pakdhe! sadhang, pangan, lan
papan e anak kanggo mlebu swarga ki apa, pakdhe??
PP : hmmm…apa ya?
MP : kuwi magepokan karo kasaguhane awake dhewe
mbiyen, rikala ijab nang nggreja!
PP : opo mas, aku lali, je?
MP : Apa padha saguh kanthi bungahing ati,
nampa lan nggulawenthah momongan, nugrahaning Pangeran selaras karo
angger-angger Dalem Gusti lan pranataning Pasamuwan Suci ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar