Bubar mitoni, mas Paul
(MP) wiwit golek-golek jeneng sing pas kanggo anake pambarep. Pasa lan sesirik,
lelaku lan prihatin ditindakake supaya jeneng sing pas pinaringake dening Gusti
kanggo putrane mbarep. Ora lali, uga nyuwun pirsa marang pakdhene sing kejawene
kuwat, pakdhe Piter (PP).
MP : Pakdhe,
anakku mbesuk meh diparingi jeneng sapa ya? Gadhah ide, ga?
PP : wah,
ya akeh mas. Khan nek awake dhewe iki, jeneng ngemu teges lan pengarep-arep.
mulane wong Jawa ora baen-baen yen maringi tetenger marang anak.
MP : pikirku
yo mengkono kuwi, pakdhe! nanging bingung je..
PP : Golek
jeneng, biasane bisa adhedhasar dina lairan, bisa uga magepokan karo alam utawa
sipat-sipat para winasis, bisa uga gabungan jenenge wong tuwa, lan liya-liyane.
MP : pikirku
yo mengkono kuwi, pakdhe!
PP : pikar-pikir,
lha mbok ndang digoleki gitu. Sing baku, kowe duwe gegayuhan apa kanggo anakmu
mbesuk, lan aja nganti mung sing penting apik, nanging luwih penting jeneng
kuwi ana tegese sing maton lan mapan.
MP : lha
jeneng sing apik dhewe apa, pakdhe?
PP : Yo
saben wong beda-beda, mas! Kanggo wong mbiyen jeneng slamet raharja kuwi jeneng
apik banget, nanging kanggo bocah-bocah
saiki, mbokmenawa wegah dijenengi kaya mengkono.
MP : Lha
koq isa, pakdhe?
PP : Lha
mbokmenawa isin, yen dijenengi mengkono, katon jadul (jaman dulu) utawa rasane
kaya wis tuwa, ngunu mas!
MP : Iyo-yo,
jane jeneng kuwi apik banget. Nanging ya jenenge jaman saiki, gengsine sing
digul-gulake. Akeh jeneng apik-apik kepara le ngucapke uangel banget, nanging
ora ana tegese apa-apa.
PP : Mulane
kuwi, mas! Injil uga mulangake awake dhewe, kepriye anggone maringi jeneng
marang anak. Kaya jenenge yoanes kuwi.
MP : Lha
tegese apa pakdhe, jeneng yoanes kuwi?
PP : Miturut
primbon katolik, jeneng yoanes kuwi tegese Gusti Rena utawa Gusti paring
berkah. Elook tak, mas?
MP : wooo…..mulane
ibu elisabet lan bapa Zakarias estu ngalami berkahing Gusti, yo pakdhe? akeh
mukjijat sing mbarengi laire yoanes, putra pambarepe.
PP : Nah,
awake dhewe wong katulik ya kudu wani, yen golek jeneng kanggo anak ya
adhedasar iman kapitayane dhewe, ora mung sing penting apik, ngunu mas!
MP : Wokey
pakdhe! aku tak sembahyang sik ya supaya bisa nampa wahyuning asma kanggo
anakku.
PP : Sipppp mas!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar