Kamis, 29 November 2012

PAKDHE PITER LAN MAS PAUL

Dina iki, Mas Paul (MP) karo Pakdhe Piter (PP) lagi kelingan yen kekarone anggone ulang taun padha. Kekarone banjur ketemu bareng, arep gawe kegiatan apa kanggo ngulangtauni bareng-bareng.
MP  :  Pakdhe…!! awake dhewe ki ulangtaune bareng ta? Ra ngerti aku.
PP   :  Iyo mas, aku ya lagi ngerti, kepriye ki penake?
MP  :  Lha koq penake padhe??? Nek penake ya dadi lampu bae (madangisingturu). Kuwi kepenak. Ning kepiye ki apike kanggo ngriyayakake ulangtaune dhewe?
PP   :  yo sing sepisan mesthine ya ngaturake panuwun marang Gusti ta ya, sing karsa ngutus awake dhewe, urip ana ing alam donya kene, dadi umat Dalem sing rinengga ing sih.
MP  :  Bener pakdhe! kuwi sing nomor siji, maturnuwun awit Gusti karsa nggegesang awake dhewe nganti saiki.
PP   :  Ning ya luwih apik maneh yen banjur ana wohe, mas! Awake dhewe ki khan terkenal dadi soko guruning Pasamuwan, lha piye yen awake dhewe saiki kanggo mratandhani ulangtaune dhewe, mbangun niyat reresik greja, setuju ora?
MP  :  Reresik greja sing kepriye pakdhe?
PP   :  Ya sacara fisik lahiriah uga sacara rohani batiniah gitu, mas! Mbiyen jare wis dadi tradisi nek awake dhewe ki sregep reresik greja sapekarangane, nanging wis suwiiii buangettt, ora ana sing gelem reresik greja ta. Coba delengen yen awake dhewe menyang greja. Katon kumuh ta?
MP  :  Hehe….iyo e pakdhe, lha sibuk je ngurus kabutuhane dhewe sing ra entek-entek.
PP   :  Padala, mbiyen aku seneng banget loh, akeh umat sing awan-awan padha reresik greja, mijekake wektu ing tenah-tengahe wektu kanggo kabutuhane dhewe kanggo reresik Daleme Gusti. Nanging…saiki…
MP  :  Aku uga dicurhati romo je, yen rama mlebu greja utawa ndeleng pekarangane greja ki, kaya ra tau diambah, kaya omah sing ra tau dienggoni gitu: sawange akeh, nggon sakristi ora tinata resik padhala ing kono akeh barang-barang suci, pekarangane ya reged, suket-suket, sampah pating klarah nang endi-endi.
PP   :  ya pancen, mas! Rama ya tau ngomong ngunu kuwi sabubare misa wilayah. jan-jane iki lha yo dadi sarana mbangun pasamuwan ta ya, mas! Mbangun paguyuban, bareng-bareng saeka praya, samanah sabudi resik-resik greja. Lan ora mung kuwi, ya mujudake anggone awake dhewe tresna marang Gusti, kanthi ngresiki sacara teratur Daleme, ta?
MP  :  Ya muga-muga bae pakdhe! ulangtaune awake dhewe iki, dadi wiwitan mbangun maneh tradisi-tradisi becik sing tau ana, nanging durung diimbangi kanthi kasetyan.
PP        :           Amin, mas! Ayo, misane wis meh mulai, sembahyang sik sedhela ben atine dhewe tentrem anggone ndherek mis suci.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar