Kamis, 29 November 2012

MANAH KANG SUCI

Dina iki dadi dina mirunggan awit Mas Paul (MP) duwe devosi sing gedhe banget marang Tyas Dalem Gusti Yesus Kang Mahasuci. Semono uga, pakdhe Piter (PP). sakeloron ngrasakake yen uripe ing donya tansah ingayoman Tyas Dalem iku mau sing marakake bisa ngalami tentrem ayem sajroning lelumban ing donya.
MP  :  Pakdhe, ati sing suci kuwi gegambarane kepriye ta? Wong-wong jaman iki, kaya-kayane wis padha ra duwe ati.
PP   :  Wah, aku dhewe uga bingung mas. Pancen, wong jaman iki, sing luwih digatekke kapinterane akal. Mleset-mlesete, yen mung pinter akale, mung dadi okol, utawa ngakali pepadha, mergane ora diimbangi ati sing lantip.
MP  :  Lha yen situasine kaya mengkono, ya medeni banget nu, pakdhe! mbesok-mbesok mung akeh wong pinter ning ora padha duwe ati.
PP   :  Lha yo kuwi, mas! Sing dak kuwatirake. Nduwea ati, nanging atine ora suci, lha yo padha bae to mas.
MP  :  Piye maneh kuwi, pakdhe! Ati sing suci kuwi?
PP   :  Ati sing suci kuwi ibarate samodra ya, samodra sing amba lan jero banget ora winates, dadine bisa nampa apa bae, kaya samodra sing bisa nampa banyu resik utawa reged, kepara ngresikake sing reged, sing wis tercemar.
MP  :  Banjur apa maneh, pakdhe?
PP   :  Yo, ati sing suci ibarate tuk, ya tansah ngilekake kabecikan sing maluber-luber ora tau asat.
MP  :  apa ana liyane maneh, pakdhe?
PP   :  Ati sing suci, ibarate pesugihan, yo tansah sugih pangapura saengga kapan bae pangapura kuwi disuwun dening wong liya utawa kanggo awake dhewe ora bakal kentekan, kepara malah kanthi bungah anggone mbagekake pangapura marang liyan.
MP  :  ooooo…ngono to pakdhe!
PP   :  Iyo, mas! Ati sing suci kuwi ya atine Gusti Yesus; Ya Tyas Dalem, sing ketingal ing Gesangipun Sang Kristus, sing kagungan per-HATI-an marang sapa bae kanthi tulus tanpa pamrih apa-apa kejaba kawilujengan lan uripe sing diper-HATI-kan supaya bisaa urip selaras karo karsa Dalem Allah lan pitados marang Allah.
MP  :  hmm……apa aku isa ya?
PP   :  kanggone pamikirane manungsa mbokmenawa marakake ragu awit alasan sekeng. Nanging yen tansah diudi kanthi setya, manungsa bisa mujudake atine sing suci awit, Gusti Yesus kuwi ya janma manungsa lumrah ta?
MP  :  Iyo yo, pakdhe! betul-betul, berarti awake dhewe uga bisa nduweni ati sing suci, yen mengkono.
PP        :           Bener, mas! Mula ayo dadi yesus ing jaman iki. Amarga ana ing ati dununging kekuwatan sing ngedap-edapi sing bisa ngangkat wong dadi luhur utawa nibakake wong dadi asor.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar